Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 14:18-30 Kitab Sutji (JAV)

18. Sang Prabu banjur paring pangandika marang wong wadon mau: “Mara sira aja ngumpetake marang ingsun, apa kang arep sundangokake marang sira.” Unjuke wong wadon: “Mugi gusti kawula Sang Prabu karsaa ngandika!”

19. Sang Prabu banjur ndangu: “Apa Yoab ora melu-melu karo sira mungguh ing prakara iki?” Wong wadon matur, unjuke: “Demi kasugengan dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu, kawula sampun boten saged menggak-menggok ngiwa utawi nengen malih saking sadaya ingkang dipun pangandikakaken gusti kawula Sang Prabu. Sajatosipun abdi dalem Sang Yoab piyambak ingkang dhawuhi kawula, panjenenganipun ingkang murugi abdi dalem ngunjukaken sadaya tembung punika.

20. Kanthi pangangkah ngewahi wujudipun prakawis punika, pramila abdi dalem Sang Yoab nindakaken prakawis punika. Nanging gusti kawula punika wicaksana kados malaekatipun Gusti Allah, temah nguningani samukawis ingkang kalampahan wonten ing bumi.”

21. Sawuse iku Sang Prabu ngandika marang Yoab: “Lah iya wis, panyuwun iki sunparengake. Lungaa, maranana wong anom Absalom iku, gawanen bali.”

22. Senapati Yoab banjur sujud, pasuryane konjem ing bumi lan nyembah klawan nyuwun berkah kagem Sang Prabu. Lan unjuke: “Ing dinten punika abdi dalem nyumerepi, bilih gusti kawula Sang Prabu karenan dhateng kawula, amargi gusti kawula sampun nyembadani panyuwunipun abdi dalem.”

23. Senapati Yoab banjur tindak menyang ing Gesur lan ndherekake Pangeran Absalom kondur menyang Yerusalem.

24. Nanging Sang Prabu ngandika: “Absalom kareben njujug ing omahe dhewe, aja nganti sowan ana ing ngarsaningsun.” Dadine Pangeran Absalom njujug ing daleme lan ora sowan marang ngarsane Sang Prabu.

25. Ing saindenge tanah Israel ora ana kang kaloking baguse munjuli Pangeran Absalom. Wiwit saka dlamakan nganti tutug ing embun-embunan ora ana cacade babar pisan.

26. Manawa paras -- ing wekasaning saben taun, amarga kabotan kagem panjenengane -- remane iku bobote rong atus sekel, miturut watu timbanganing krajan.

27. Pangeran Absalom kagungan putra kakung telu lan putri siji, kang asma Tamar, sawijining putri kang ayu rupane.

28. Bareng Pangeran Absalom anggone dedalem ana ing Yerusalem wus ganep rong taun sarta sasuwene iku ora tau seba marang ing ngarsane Sang Prabu,

29. Pangeran Absalom utusan nimbali Sang Yoab, arep kautus sowan marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging ora karsa. Banjur utusan nimbali maneh, kaping pindhone, ewadene iya ora karsa.

30. Pangeran Absalom banjur ngandika marang para abdine: “Lah palemahane Yoab ana ing sandhinge duwekku lan ing kana ana tandurane sair, padha mranaa, obongen iku!” Para abdine Absalom banjur ngobong pategalan iku.

maca bab lengkap 2 Samuel 14