Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 13:34-39 Kitab Sutji (JAV)

34. Kacarita Pangeran Absalom lolos. Nalika wong jaga ngulat-ulatake, katon ana wong sagolongan gedhe teka saka ing dalan kang menyang Horonaim, saurute perenging gunung.

35. Sang Yonadab matur marang Sang Prabu: “Kauningana, para putra dalem sampun sami rawuh. Rak leres kados unjukipun abdi dalem.

36. Lagi bae anggone munjuk, para putrane Sang Prabu padha sowan kalawan muwun kanthi sora. Sang Prabu iya muwun kalawan swara sora, mangkono uga sakehe abdi dalem.

37. Pangeran Absalom wus lolos lan ngungsi marang kratone Prabu Talmai bin Amihud, ratu ing tanah Gesur. Lan Sang Prabu Dawud nandhang sungkawa pirang-pirang dina marga saka putrane mau.

38. Pangeran Absalom anggone lolos lan ngungsi ana ing kraton Gesur nganti telung taun.

39. Sang Prabu wus lilih dukane marang Pangeran Absalom, amarga sungkawane jalaran saka sedane Pangeran Amnon wus lipur.

maca bab lengkap 2 Samuel 13