Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 13:20-36 Kitab Sutji (JAV)

20. Pangeran Absalom, kang raka, ndangu marang Sang Putri: “Apa kangmasmu Amnon iku sapaturon karo kowe? Lah saiki, dhiajeng menenga bae, wong iku kangmasmu dhewe, prakara iku aja koklebokake ing atimu.” Sang Putri Tamar manggen nyepi ana ing daleme Pangeran Absalom kang raka.

21. Nalika Sang Prabu Dawud miyarsa prakara iku kabeh, banget muntab dukane.

22. Pangeran Absalom ora reraosan karo Pangeran Amnon kang ala utawa kang becik, nanging Pangeran Absalom ngrendhem sengit banget marang Pangeran Amnon, awit saka anggone masesa marang kang rayi Tamar.

23. Sawuse kelakon rong taun, Pangeran Absalom nganakake pahargyan mbathili wedhus-wedhuse ana ing Baal-Hazor, ing sacedhake kutha Efraim. Pangeran Absalom ngulemi para putrane Sang Prabu kabeh.

24. Pangeran Absalom sowan marang ngarsane Sang Prabu, banjur munjuk: “Abdi dalem punika badhe ngadhah damel mbathili menda. Punapa Sang Prabu kepareng rawuh, kadherekaken para punggawa nyarengi lampah kawula?”

25. Nanging Sang Prabu ngandika marang Absalom: “Aja dadi atinira putraningsun, ngger, yen kabeh padha mrana, mundhak gawe repotira.” Pangeran Absalom banget panyuwune, nanging Sang Prabu ora karsa tindak, mung paring pangestu.

26. Pangeran Absalom matur maneh: “Manawi panjenengan dalem boten karsa, kalilana kangmas kawula Amnon kemawon tindaka kaliyan kawula.” Nanging Sang Prabu ngandika: “Apa ta prelune kangmasmu Amnon melu karo kowe?”

27. Ewadene sarehne Pangeran Absalom banget panyuwune, Pangeran Amnon dalah para putra liyane dililani melu.

28. Pangeran Absalom banjur mrentahi marang para abdine mangkene: “Padha diawas!” Manawa Amnon wis gambira marga saka sumuking anggur lan aku ngabani marang kowe: Amnon tempuhen, wong iku patenana. Aja wedi. Rak aku kang dhawuh marang kowe? diteteg atimu lan ngatokna gagah prakosamu.”

29. Para abdine Pangeran Absalom nuli nandukake marang Pangeran Amnon apa saprentahe Pangeran Absalom. Sakehe putrane Sang Prabu banjur menyat, nitih bihale dhewe-dhewe lan padha lumajeng.

30. Nalika para putrane Sang Prabu isih padha ana ing dalan Sang Prabu Dawud midhanget pawarta mangkene: “Pangeran Absalom sampun nyedani sakathahing putranipun Sang Prabu, boten wonten satunggal-tunggala ingkang saged lolos.”

31. Sang Prabu banjur jumeneng, nyuwek-nyuwek pangagemane lan dhawah gumuling ana ing jogan, tuwin sakehe abdi dalem kang ngadhep, padha nyuwek-nyuwek panganggone.

32. Nanging Sang Yonadab, bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud, tumuli matur: “Gusti sampun nginten bilih para mudha para putra dalem sadaya sami kasedanan. Namung Pangeran Amnon ingkang seda, amargi prakawis punika sampun katawis wonten ing pasuryanipun Pangeran Absalom, wiwit nalika Pangeran Amnon masesa Sang Putri Tamar, rayinipun.

33. Pramila dhuh gusti kawula Sang Prabu, sampun nggalih, bilih sadaya putra dalem sampun seda, amargi namung Pangeran Amnon piyambak ingkang seda.”

34. Kacarita Pangeran Absalom lolos. Nalika wong jaga ngulat-ulatake, katon ana wong sagolongan gedhe teka saka ing dalan kang menyang Horonaim, saurute perenging gunung.

35. Sang Yonadab matur marang Sang Prabu: “Kauningana, para putra dalem sampun sami rawuh. Rak leres kados unjukipun abdi dalem.

36. Lagi bae anggone munjuk, para putrane Sang Prabu padha sowan kalawan muwun kanthi sora. Sang Prabu iya muwun kalawan swara sora, mangkono uga sakehe abdi dalem.

maca bab lengkap 2 Samuel 13