Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 13:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Punapa malih badhe dhateng pundi anggen kula nyingkiraken kawirangan kula punika? Dene panjenengan punika, panjenengan badhe kagolongaken tiyang gemblung wonten ing Israel. Pramila panjenengan kula aturi matur dhateng Sang Prabu, awit panjenenganipun temtu boten badhe nyukengi kula, temtu karsa maringaken kula dhateng panjenengan.”

14. Nanging Pangeran Amnon ora maelu marang ature kang rayi; lan sarehne luwih rosa katimbang Sang Putri, dirodapeksa lan ditunggil sare.

15. Wasana Pangeran Amnon katuwuhan rasa sengit kang luwih banget marang Sang Putri, malah rasane sengit ngluwihi rasane remen marang kang rayi ing sadurunge. Pangeran Amnon ngandika marang Sang Putri: “Ngadega lan lungaa!”

16. Sang Kenya matur: “Sampun tumindak makaten dhuh kakangmas, anggen panjenengan nundhung kula punika langkung awon katimbang kaliyan ingkang sampun panjenengan tandukaken dhateng kula.” Nanging Pangeran Amnon ora maelu marang ature Sang Putri.

17. Banjur nimbali abdine kang ngladeni, dhawuhe: “Wong wadon iku konen lunga saka kene, lawange nuli kuncinen!”

18. Sang Putri ngagem rasukan alengen dawa kang endah banget, awit wis kalumrah putrining ratu kang isih kenya ngagem rasukan alengen dawa. Abdi mau banjur nundhung Sang Putri menyang njaba nuli lawange dikunci.

19. Sang Putri Tamar banjur nguwur-uwuri awu ing mastakane, nyuwek rasukane alengen dawa kang endah iku, nyunggi astane lan tindak muwun klawan swara dumeling.

20. Pangeran Absalom, kang raka, ndangu marang Sang Putri: “Apa kangmasmu Amnon iku sapaturon karo kowe? Lah saiki, dhiajeng menenga bae, wong iku kangmasmu dhewe, prakara iku aja koklebokake ing atimu.” Sang Putri Tamar manggen nyepi ana ing daleme Pangeran Absalom kang raka.

21. Nalika Sang Prabu Dawud miyarsa prakara iku kabeh, banget muntab dukane.

22. Pangeran Absalom ora reraosan karo Pangeran Amnon kang ala utawa kang becik, nanging Pangeran Absalom ngrendhem sengit banget marang Pangeran Amnon, awit saka anggone masesa marang kang rayi Tamar.

23. Sawuse kelakon rong taun, Pangeran Absalom nganakake pahargyan mbathili wedhus-wedhuse ana ing Baal-Hazor, ing sacedhake kutha Efraim. Pangeran Absalom ngulemi para putrane Sang Prabu kabeh.

maca bab lengkap 2 Samuel 13