Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 13:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse iku ana lelakon kaya ing ngisor iki: Pangeran Absalom, putrane Sang Prabu Dawud kagungan rayi putri kang ayu warnane, asmane Tamar: lan Sang Amnon putrane Sang Prabu Dawud kasmaran marang putri iku.

2. Galihe Pangeran Amnon wuyung banget, temah nandhang gerah marga saka Sang Putri Tamar, sadhereke iku, amarga Sang Putri iku isih kenya lan miturut pangrasane Pangeran Amnon, langka bisane nandukake apa-apa marang panjenengane.

3. Pangeran Amnon kagungan mitra, asmane Yonadab, putrane Sang Simea, kang raka Sang Prabu Dawud. Sang Yonadab iku wong kang pinter banget.

4. Ature marang Pangeran Amnon: “Dhuh Sang Rajaputra, kenging punapa dene panjenengan dalem saben enjing kok ketingal suntrut makaten? Punapa boten langkung prayogi panjenengan dalem paring sumerep dhateng kawula?” Pangandikane Pangeran Amnon marang Sang Yonadab: “Kula remen dhateng Tamar, rayinipun adhimas Absalom, sadherek kula.”

5. Ature sang Yonadab: “Panjenengan dalem kawula aturi sare wonten ing pasarean lan api-api gerah. Samangsa kang rama rawuh tetuwi, panjenengan matur makaten: Rayi kula Tamar mugi keparengna ngladosi tetedhan dhateng kawula. Anggenipun ngolahaken tetedhan punika wontena ing ngajeng kawula, temah kawula saged nungkuli, sarta kawula sageda nedha saking tanganipun.”

6. Sawuse iku Pangeran Amnon sarean lan api-api gerah. Nalika Sang Prabu Dawud rawuh tetuwi, Pangeran Amnon munjuk marang Sang Prabu: “Rayi kawula Tamar mugi kaparengna dhateng ngolahaken kuwih-kuwih satunggal kalih wonten ing ngajeng kawula, supados kawula tedha saking tanganipun.”

7. Sang Prabu banjur utusan abdi marani Sang Putri Tamar, menyang ing daleme sarta kaweling: “Menyanga ing omahe kangmasmu Amnon lan olahna panganan.”

8. Sang Putri Tamar banjur tindak menyang ing daleme Pangeran Amnon, kang raka kang lagi sarean. Sang Putri Tamar banjur mundhut jladren diulet lan diolah kagawe panganan, ana ing ngarsane Pangeran Amnon, nuli kapanggang.

9. Sawuse iku Sang Kenya mundhut wajane lan ngesok isine ana ing ngarsane Pangeran Amnon, nanging ora kersa dhahar. Pangeran Amnon ngandika: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene.” Wong kabeh banjur padha metu saka ing kono.

10. Pangeran Amnon banjur ngandika marang kang rayi Tamar: “Panganane gawanen menyang kamar, supaya aku mangan saka ing tanganmu.” Sang Putri mundhut panganan olah-olahane, nuli diaturake marang kang raka Amnon menyang ing jero kamar.

11. Bareng Sang Putri nyaosake dhaharan, Sang Putri kacandhak lan dipangandikani: “Ayo turu karo aku, dhiajeng!”

12. Nanging Sang Putri matur marang Amnon, kang raka: “Boten kangmas, sampun panjenengan masesa kula, amargi lampah makaten punika boten urus wonten ing Israel. Panjenengan sampun ngantos tumindak nistha makaten.

maca bab lengkap 2 Samuel 13