Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 9:7-22 Kitab Sutji (JAV)

7. Sira bakal mateni brayate gustinira Akhab lan kanthi patrap mangkono Ingsun malesake marang Izebel getihe para abdiningSun, para nabi iku, malah getihe sakehe abdining Sang Yehuwah.

8. Brayate Akhab kabeh bakal sirna; lan Ingsun bakal numpes kulawargane Akhab kang lanang, kang pangkate dhuwur lan kang asor ana ing Israel.

9. Sarta brayate Akhab bakal Sundadekake padha kaya brayate Yerobeam bin Nebat lan kaya brayate Baesa bin Ahia.

10. Izebel bakal kapangan ing asu ana ing pakebonan ing sajabaning Yizreel lan ora ana wong kang ngubur.” Sawuse mangkono nabi mau banjur ngengakake lawang lan lumayu.

11. Bareng Sang Yehu medal manggihi para abdining gustine, ana kang matur takon: “Kados pundi kabaripun? Punapa sababipun dene tiyang edan punika ndhatengi panjenengan?” Paring wangsulane: “Panjenengan sadaya sampun sami mirsa tiyangipun lan wicantenipun!”

12. Nanging kabeh nuli matur: “Ah, ngapusi. Bok kula sami dipun ngandikani!” Sang Yehu banjur ngandika: “Wicantenipun dhateng kula mekaten: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel.”

13. Wong akeh mau tumuli padha njupuk sandhangane, dijereng mangkono bae ana ing undhak-undhakan, ing ngarsaning sampeyane Sang Yehu, sarta banjur padha ngunekake kalasangka lan alok-alok: “Sang Yehu jumeneng ratu!”

14. Kaya mangkono anggone Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi sekuthon nglawan Sang Prabu Yoram. -- Anadene Sang Prabu Yoram dalasan wong Israel kabeh lagi padha jaga-jaga ana ing Ramot-Gilead, nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram.

15. Nanging Sang Prabu Yoram piyambak wus kondur menyang ing Yizreel, supaya dijampenana anggone nandhang tatu awit saka panempuhe wong Aram sajrone perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram. -- Sang Yehu ngandika: “Manawi panjenengan sampun sami sarujuk, sampun ngantos wonten tiyang ingkang oncat saking kitha lajeng suka sumerep bab punika dhateng Yizreel.”

16. Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli nitih kreta tindak menyang ing Yizreel, sabab Sang Prabu Yoram gerah ana ing kono. Uga Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda rawuh martuwi marang Sang Prabu Yoram.

17. Nalika prajurit kang jaga ana ing panggung ing Yizreel sumurup wadya-balane Sang Prabu Yehu teka, nuli matur: “Kawula sumerep wadya-bala sabregada.” Sang Prabu Yoram banjur dhawuh: “Ngundanga prajurit jaranan siji, konen methukake lan takon: Punapa wilujeng?”

18. Prajurit jaranan mau nuli mangkat methukake sarta takon: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Punapa wilujeng?” Paring wangsulane Sang Prabu Yehu: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!” Prajurit kang jaga mau nuli ngaturi uninga: “Utusan sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul.”

19. Sang Prabu tumuli utusan prajurit jaranan maneh. Bareng wis tekan banjur matur: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Wilujeng?” Sang Prabu Yehu mangsuli, pangandikane: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!”

20. Wong kang jaga mau banjur ngunjuki uninga: “Tiyangipun sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul! Wondene patraping anggenipun nggelak ing lampah kadosdene patrapipun Sang Yehu, wayahipun Sang Nimsi, amargi panggelakipun kados tiyang ewah.”

21. Bareng mangkono Sang Prabu Yoram dhawuh: “Ngrakitana kreta!” Kretane nuli dirakiti. Sang Prabu Yoram ratu ing Israel banjur miyos lan Sang Prabu Ahazia, padha nitih kreta. Karone padha manggihi Sang Yehu, nuli kepanggih ana ing pakebonane Nabot, wong Yizreel.

22. Nalika Sang Prabu Yoram mirsa Sang Yehu, tumuli ndangu: “Apa slamet, heh Yehu?” Wangsulane: “Kapriye bisane slamet, salawase ibumu Izebel isih ngingu sundel lan juru sikir kang kehe samono iku!”

maca bab lengkap 2 Para Raja 9