Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 9:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Guci isi lenga iki tumuli, sokna ing mustakane lan matura: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel! Sawuse mangkono ngengakna lawang, banjur lumayua aja ndadak mangu-mangu.”

4. Nabi enom iku nuli mangkat menyang ing Ramot-Gilead.

5. Satekane ing kana para panggedhening prajurit lagi padha nglumpuk. Wong mau tumuli matur: “Dhuh Bendara Senapati, punika wonten piweling kagem panjenengan!” Paring wangsulane Sang Yehu: “Kanggo sapa ing antarane iki?” Wangsulane: “Kagem panjenengan, dhuh Sang Senapati.”

6. Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.

7. Sira bakal mateni brayate gustinira Akhab lan kanthi patrap mangkono Ingsun malesake marang Izebel getihe para abdiningSun, para nabi iku, malah getihe sakehe abdining Sang Yehuwah.

8. Brayate Akhab kabeh bakal sirna; lan Ingsun bakal numpes kulawargane Akhab kang lanang, kang pangkate dhuwur lan kang asor ana ing Israel.

9. Sarta brayate Akhab bakal Sundadekake padha kaya brayate Yerobeam bin Nebat lan kaya brayate Baesa bin Ahia.

10. Izebel bakal kapangan ing asu ana ing pakebonan ing sajabaning Yizreel lan ora ana wong kang ngubur.” Sawuse mangkono nabi mau banjur ngengakake lawang lan lumayu.

11. Bareng Sang Yehu medal manggihi para abdining gustine, ana kang matur takon: “Kados pundi kabaripun? Punapa sababipun dene tiyang edan punika ndhatengi panjenengan?” Paring wangsulane: “Panjenengan sadaya sampun sami mirsa tiyangipun lan wicantenipun!”

12. Nanging kabeh nuli matur: “Ah, ngapusi. Bok kula sami dipun ngandikani!” Sang Yehu banjur ngandika: “Wicantenipun dhateng kula mekaten: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel.”

13. Wong akeh mau tumuli padha njupuk sandhangane, dijereng mangkono bae ana ing undhak-undhakan, ing ngarsaning sampeyane Sang Yehu, sarta banjur padha ngunekake kalasangka lan alok-alok: “Sang Yehu jumeneng ratu!”

14. Kaya mangkono anggone Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi sekuthon nglawan Sang Prabu Yoram. -- Anadene Sang Prabu Yoram dalasan wong Israel kabeh lagi padha jaga-jaga ana ing Ramot-Gilead, nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram.

maca bab lengkap 2 Para Raja 9