Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 9:20-37 Kitab Sutji (JAV)

20. Wong kang jaga mau banjur ngunjuki uninga: “Tiyangipun sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul! Wondene patraping anggenipun nggelak ing lampah kadosdene patrapipun Sang Yehu, wayahipun Sang Nimsi, amargi panggelakipun kados tiyang ewah.”

21. Bareng mangkono Sang Prabu Yoram dhawuh: “Ngrakitana kreta!” Kretane nuli dirakiti. Sang Prabu Yoram ratu ing Israel banjur miyos lan Sang Prabu Ahazia, padha nitih kreta. Karone padha manggihi Sang Yehu, nuli kepanggih ana ing pakebonane Nabot, wong Yizreel.

22. Nalika Sang Prabu Yoram mirsa Sang Yehu, tumuli ndangu: “Apa slamet, heh Yehu?” Wangsulane: “Kapriye bisane slamet, salawase ibumu Izebel isih ngingu sundel lan juru sikir kang kehe samono iku!”

23. Sang Prabu Yoram tumuli enggal-enggal ngingerake kretane sumedya lumajeng kalawan ngandika marang Sang Prabu Ahazia: “Yehu cidra, Nakmas Ahazia!”

24. Nanging Sang Yehu tumuli menthang gendhewane sarosane, Sang Prabu Yoram dilepasi panah, tumama ing antarane walikate lan tumembus ing jantunge, satemah banjur ambruk ana ing kretane.

25. Sang Yehu nuli dhawuh marang Bidkar, panggedhening wadya-balane: “Angkaten jisime, buwangen ing kebone Nabot, wong Yizreel iku, amarga sumurupa, nalika aku lan kowe bebarengan nunggang jaran ndherekake Sang Prabu Akhab, ramane, Pangeran Yehuwah wus ndhawuhake bab paukuman iki marang panjenengane, pangandikane:

26. Lah Ingsun mau bengi wus nguningani getihe Nabot lan getihe anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- mulane Ingsun bakal mundhut pulihe marang sira ana ing pakebonan kene. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Mulane jisime angkaten lan buwangen ing pakebonan kene, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah.”

27. Bareng Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, mirsa kang mangkono iku, iya banjur lumajeng miyos ing dalan kang anjog ing Bet-Hagan, nanging banjur dibujeng dening Sang Prabu Yehu kalawan dhawuh: “Iku iya panahen!” Para prajurite nuli padha nglepasake panahe marang panjenengane ana ing kreta titihane, pinuju ana ing unggah-unggahan ing Gur ing sacedhake Yibleam. Sang Prabu Ahazia tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Megido lan seda ana ing kono.

28. Layone banjur kausung dening para abdine menyang Yerusalem, nuli disarekake ing pasareane piyambak, ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.

29. Anadene Sang Prabu Ahazia iku anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping sawelase jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab.

30. Kacarita tindake Sang Prabu Yehu wus rawuh ing Yizreel. Bareng Sang Putri Izebel mireng bab iku, nuli celakan, mustakane direngga-rengga, banjur ngungak ing cendhela.

31. Nalika iku Sang Prabu Yehu pinuju lumebet ing gapura. Sang Putri Izebel tumuli nguwuh: “Apa slamet, he Zimri, kang nyedani gustine iku?”

32. Sang Prabu Yehu nuli tumenga marang ing cendhela mau sarta ngandika: “Sapa kang ngguyubi aku? Sapa?” Bareng ana punggawa kraton loro telu kang padha mandeng marang panjenengane, Sang Prabu Yehu tumuli dhawuh:

33. “Jorogna mangisor!” Sang Putri banjur dijorogake mangisor, rahe nganti nyiprati tembok lan jaran, jisime nuli kaidak-idak.

34. Sang Prabu Yehu tumuli lumebet sarta banjur dhahar lan ngunjuk. Sawuse mangkono panjenengane ngandika: “Wong kang kena ing laknat iku jisime urusen, tumuli kuburen, amarga iku putraning ratu!”

35. Wong-wong banjur padha arep nyarekake layone, nanging jebul wus ora ana, mung kari mustaka, sampeyan lan epek-epeke astane loro-lorone.

36. Banjur padha bali ngunjuki uninga bab iku marang Sang Prabu Yehu. Sang Prabu ngandika: “Pancen iya mangkono iku pangandikane Pangeran Yehuwah kang kawiyosake lumantar Nabi Elia, abdine, kang saka ing Tisbe iku: Daginge Izebel bakal dipangan asu ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel;

37. anadene jisime Izebel iku bakal dumunung ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel kaya dene rabuk ing pategalan, satemah ora ana wong kang bisa ngarani: Iki Sang Putri Izebel.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 9