Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 9:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Nabi Elisa nimbali salah sawijining nabi sarta dipangandikani: “Kowe sabukana, nggawaa guci isi lenga iki lan lungaa menyang ing Ramot-Gilead.

2. Yen wus tekan ing kana, nggolekana Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi, nuli lumebua, wong iku konen ngadeg, ninggal kanca-kancane, banjur jaken mlebu ing kamar ing jero.

3. Guci isi lenga iki tumuli, sokna ing mustakane lan matura: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel! Sawuse mangkono ngengakna lawang, banjur lumayua aja ndadak mangu-mangu.”

4. Nabi enom iku nuli mangkat menyang ing Ramot-Gilead.

5. Satekane ing kana para panggedhening prajurit lagi padha nglumpuk. Wong mau tumuli matur: “Dhuh Bendara Senapati, punika wonten piweling kagem panjenengan!” Paring wangsulane Sang Yehu: “Kanggo sapa ing antarane iki?” Wangsulane: “Kagem panjenengan, dhuh Sang Senapati.”

6. Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.

7. Sira bakal mateni brayate gustinira Akhab lan kanthi patrap mangkono Ingsun malesake marang Izebel getihe para abdiningSun, para nabi iku, malah getihe sakehe abdining Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 2 Para Raja 9