Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 5:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Nanging Nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu boten badhe nampeni punapa-punapa.” Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.

17. Wasana Sang Naaman banjur ngandika: “Manawi makaten, keparenga kula nyuwun siti samomotaning bihal sarakit, awit ingkang abdi boten badhe caos kurban obaran utawi kurban sembelehan malih dhateng allah sanesipun kejawi dhateng Pangeran Yehuwah.

18. Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”

19. Ature Nabi Elisa: “Sumangga, kula aturi tindak kaliyan tentrem rahayu.”

20. Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”

21. Gehazi nuli nututi Sang Senapati Naaman. Bareng Sang Naaman mirsa wong mlayu-mlayu nututi, banjur mandhap saka ing kreta arep manggihi dheweke, sarta ngandika: “Apa slamet?”

22. Atur wangsulane: “Inggih wilujeng! Bendara kula Elisa dhawuh dhateng kawula supados matur: Saweg kemawon punika wonten tiyang neneman kalih saking pareden Efraim panunggilanipunn para nabi, ingkang dhateng ing griya kula. Mila panjenengan mugi karsaa maringi dhateng tiyang-tiyang punika selaka satalenta saha panganggen kalih pangadeg.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 5