Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 5:12-26 Kitab Sutji (JAV)

12. Apa kali Abana lan Parpar ing Damsyik ora luwih becik katimbang karo sakehing kali ing Israel? Apa aku ora bisa adus ing kana lan banjur dadi resik?” Panjenengane tumuli cengkelak wangsul kalawan bentering panggalih.

13. Nanging para punggawane nuli padha nyedhaki lan matur: “Bendara, saupami nabi punika matur, supados Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika, nabi punika namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.”

14. Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.

15. Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”

16. Nanging Nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu boten badhe nampeni punapa-punapa.” Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.

17. Wasana Sang Naaman banjur ngandika: “Manawi makaten, keparenga kula nyuwun siti samomotaning bihal sarakit, awit ingkang abdi boten badhe caos kurban obaran utawi kurban sembelehan malih dhateng allah sanesipun kejawi dhateng Pangeran Yehuwah.

18. Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”

19. Ature Nabi Elisa: “Sumangga, kula aturi tindak kaliyan tentrem rahayu.”

20. Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”

21. Gehazi nuli nututi Sang Senapati Naaman. Bareng Sang Naaman mirsa wong mlayu-mlayu nututi, banjur mandhap saka ing kreta arep manggihi dheweke, sarta ngandika: “Apa slamet?”

22. Atur wangsulane: “Inggih wilujeng! Bendara kula Elisa dhawuh dhateng kawula supados matur: Saweg kemawon punika wonten tiyang neneman kalih saking pareden Efraim panunggilanipunn para nabi, ingkang dhateng ing griya kula. Mila panjenengan mugi karsaa maringi dhateng tiyang-tiyang punika selaka satalenta saha panganggen kalih pangadeg.”

23. Sang Naaman ngandika: “Enya, iki tampanana, rong talenta.” Sang Naaman banget-banget anggone meksa marang dheweke, nuli dhawuh maringi selaka rong talenta kalebokake ing kanthong loro lan sandhangan rong pangadeg, banjur kaparingake marang abdine loro, kang nggawa iku kabeh lan lumaku ana ing ngarepe Gehazi.

24. Bareng wis tekan ing gunung, barang-barang mau ditampani Gehazi, disimpen ana ing omah; wong loro kang nggawa tumuli padha dikon bali, karone iya banjur padha bali.

25. Bareng Gehazi lagi bae lumebu lan ngadhep ana ing ngarsaning bendarane, Nabi Elisa ndangu: “Saka ngendi, Gehazi?” Atur wangsulane: “Ingkang abdi boten kesah dhateng pundi-pundi!”

26. Nanging pangandikane Nabi Elisa: “Apa atiku ora ngetutake kowe, nalika priyagung iku mandhap saka ing titihane kreta methukake kowe? Lah saiki kowe wis tampa selaka, kang kena kokanggo nganakake pakebonan-pakebonan, kebon jaitun, kebon anggur, wedhus lan sapi, batur lanang lan wadon,

maca bab lengkap 2 Para Raja 5