Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 4:5-20 Kitab Sutji (JAV)

5. Wong wadon iku nuli mundur saka ing ngarsane; sawuse lumebu ing omah karo anak-anake, lawange banjur dikancing; anak-anake padha nyedhakake wadhah-wadhah marang ibune, dene ibune terus bae anggone ngiseni.

6. Bareng wadhah-wadhahe wus kebak, wong wadon iku celathu marang anake: “Aku wenehana wadhah maneh!” Nanging wangsulane: “Sampun boten wonten wadhah malih.” Lengane banjur pampet.

7. Wong wadon mau nuli lunga ngaturi uninga bab iku marang abdining Allah; iku tumuli ngandika: “Lungaa, lenga iku dolen, utangmu saurana sarta turahane anggonen urip saanak-anakmu!”

8. Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak menyang ing desa Sunem. Ing kono ana wong wadon sugih kang ngaturi rawuh dhahar marang panjenengane. Lan kaping pira bae anggone tindak langkung ing kono, panjenengane mesthi mampir dhahar.

9. Wong wadon mau tutur marang bojone: “Sajatosipun kula sampun mangretos, manawi tiyang ingkang temtu mampir mriki punika abdining Allah ingkang suci.

10. Bok mangga kita damelaken kamar tembok alit wonten ing nginggil lan kita sukani pasarean kagem panjenenganipun, kaliyan meja satunggal, kursi satunggal. Mangke manawi mampir mriki, kita aturi lumebet mriku.”

11. Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak mrono lan banjur lumebet ing kamar dhuwur iku sarta sare ana ing kono.

12. Tumuli ngandika marang Gehazi, abdine: “Wong wadon ing Sunem iku konen mrene.” Wong wadon mau banjur ditimbali lan ngadeg ana ing ngarepe Gehazi.

13. Nabi Elisa maune wus ngandika marang Gehazi: “Kandhaa marang wong wadon iku: Kula sampun sami panjenengan gumatosi kalayan kangelan ngantos samanten punika; punapa ingkang badhe kula walesaken dhateng panjenengan? Punapa wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhumateng Sang Prabu utawi dhateng pangagenging wadya-bala tumrap panjenengan?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Kula punika manggen wonten ing satengahing bangsa kula.”

14. Nabi Elisa nuli ngandika: “Manawa mangkono apa ta kang kena daktindakake kanggo kapreluane wong iku?” Ature Gehazi: “Ah, piyambakipun boten gadhah anak, mangka semahipun sampun sepuh.”

15. Nabi Elisa tumuli ngandika: “Undangen wong iku!” Bareng wus katimbalan, wong wadon iku ngadeg ana ing lawang.

16. Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”

17. Wong wadon iku banjur ngandheg lan duwe anak lanang ing pendhake mangsa iku uga, ing taun candhake, cocog karo pangandikane Nabi Elisa marang dheweke.

18. Bareng bocah mau wus gedhe, ing sawijining dina lunga marani bapakne ana ing satengahe para wong kang padha derep.

19. Dumadakan banjur njerit ana ing ngarepe bapakne: “Adhuh sirah kula, sirah kula!” Bapakne nuli prentah marang batur: “Gendhongen bocah iki, parakna marang ibune!”

20. Bocahe banjur digendhong, digawa mulih diparakake marang ibune. Tumuli lungguh ing pangkone ibune nganti wayah tengange, nanging sawuse iku nuli tinggal donya.

maca bab lengkap 2 Para Raja 4