Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 3:9-24 Kitab Sutji (JAV)

9. Ratu ing Israel lan ratu ing Yehuda sarta ratu ing Edom banjur padha tindak nglurug. Nanging bareng anggone tindak mrana-mrene wus oleh lakon pitung dina, jebul ora ana banyu kanggo wadya-bala lan kanggo kewan-kewane.

10. Sang Nata ing Israel nuli ngandika: “Adhuh, Pangeran Yehuwah anggone nimbali katelu-telune iki bakal kaulungake marang ing tangane wong Moab!”

11. Nanging Sang Prabu Yosafat tumuli ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten nabining Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedah dhateng Pangeran Yehuwah?” Banjur ana sawijining punggawaning ratu ing Israel kang munjuk: “Ing ngriki wonten Nabi Elisa bin Safat, ingkang kala rumiyin ngladosi Nabi Elia.”

12. Sang Prabu Yosafat ngandika: “Inggih, punika pancen kanggenan pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”Sawuse mangkono Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat sarta ratu ing Edom padha tindak murugi Nabi Elisa.

13. Nanging Nabi Elisa nuli matur marang Sang Nata ing Israel: “Urusan kawula punapa kaliyan panjenengan dalem? Kawula aturi tindak dhateng nabinipun rama dalem saha dhateng nabinipun ibu dalem.” Sang Nata ing Israel mangsuli, pangandikane: “Sampun makaten ta, sabab Pangeran Yehuwah nimbali ratu tetiga punika prelu badhe sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Moab!”

14. Unjuke Nabi Elisa: “Dhemi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah ingkang gesang, ingkang kawula ladosi wonten ing ngarsanipun, manawi boten margi saking Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, saestunipun kawula punika boten badhe migatosaken tuwin maelu dhateng panjenengan dalem.

15. Lah sapunika, kawula kaupadosna panylempung.” Nalika panylempung ngunekake clempunge, Nabi Elisa banjur kalimputan ing pangwaosing Sang Yehuwah.

16. Nabi Elisa nuli munjuk: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Padha gawea kalen-kalen ana ing lebak iki,

17. awit makaten pangandikaning Sang Yehuwah: Sira ora bakal padha oleh angin lan udan, nanging lebak iki bakal kebak banyu, satemah sira kabeh lan kewan sembelehan sarta kewan momotanira bakal padha bisa ngombe.

18. Punapa malih punika ugi prakawis sapele wonten ing paningalipun Sang Yehuwah; ugi tiyang Moab badhe kaulungaken dhateng ing asta dalem.

19. Panjenengan dalem sami badhe nyirnakaken sakathahing kitha ingkang santosa lan sakathahing kitha pilihan; panjenengan dalem sami badhe negori sadaya wit-witan ingkang sae; panjenengan dalem sami badhe nyumpeti sakathahing sumber sarta sami badhe ngrisak sakathahing pategilan kaliyan sela.”

20. Esuke nalika wancine wong nyaosake kurban, dumadakan banjur ana banyu teka saka ing penere tanah Edom, nagara kono nuli kebak banyu.

21. Bareng wong Moab kabeh padha krungu, manawa ratu tetelu mau padha nglurugi perang, kabeh wong kang isih bisa nganggar pedhang padha dikerigake, malah uga para wong kang luwih tuwa; iku padha dipapanake ana ing tapel-wates.

22. Esuke uthuk-uthuk, nalika srengenge nyoroti lumahing banyu, tumrap wong Moab banyu mau katon abang kaya getih.

23. Nuli padha alok: “Iku getih! Para ratu iku mesthi wus padha paten-pinaten, kang siji mateni sijine. Mulane saiki, ayo padha njarah-rayah, he para wong Moab!”

24. Nanging bareng padha tekan ing pakuwone wong Israel, wong Israel banjur tumandang, para wong Moab padha kagecak, satemah padha lumayu saka ing kono.

maca bab lengkap 2 Para Raja 3