21. Bareng wong Moab kabeh padha krungu, manawa ratu tetelu mau padha nglurugi perang, kabeh wong kang isih bisa nganggar pedhang padha dikerigake, malah uga para wong kang luwih tuwa; iku padha dipapanake ana ing tapel-wates.
22. Esuke uthuk-uthuk, nalika srengenge nyoroti lumahing banyu, tumrap wong Moab banyu mau katon abang kaya getih.
23. Nuli padha alok: “Iku getih! Para ratu iku mesthi wus padha paten-pinaten, kang siji mateni sijine. Mulane saiki, ayo padha njarah-rayah, he para wong Moab!”
24. Nanging bareng padha tekan ing pakuwone wong Israel, wong Israel banjur tumandang, para wong Moab padha kagecak, satemah padha lumayu saka ing kono.
25. Kutha-kutha padha digempuri sarta saben pategalan kang becik diurugi watu, amarga saben wong nguncalake watu mrono. Sakehing sumber padha disumpeti lan sakehing wit-witan kang becik padha ditegori, nganti mung kutha Kir-Hareset kang dikarekake, nanging kutha iki banjur kakepung lan dikrutugi ing watu dening para pambandhil.