Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 3:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Unjuke Nabi Elisa: “Dhemi Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah ingkang gesang, ingkang kawula ladosi wonten ing ngarsanipun, manawi boten margi saking Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, saestunipun kawula punika boten badhe migatosaken tuwin maelu dhateng panjenengan dalem.

15. Lah sapunika, kawula kaupadosna panylempung.” Nalika panylempung ngunekake clempunge, Nabi Elisa banjur kalimputan ing pangwaosing Sang Yehuwah.

16. Nabi Elisa nuli munjuk: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Padha gawea kalen-kalen ana ing lebak iki,

17. awit makaten pangandikaning Sang Yehuwah: Sira ora bakal padha oleh angin lan udan, nanging lebak iki bakal kebak banyu, satemah sira kabeh lan kewan sembelehan sarta kewan momotanira bakal padha bisa ngombe.

18. Punapa malih punika ugi prakawis sapele wonten ing paningalipun Sang Yehuwah; ugi tiyang Moab badhe kaulungaken dhateng ing asta dalem.

19. Panjenengan dalem sami badhe nyirnakaken sakathahing kitha ingkang santosa lan sakathahing kitha pilihan; panjenengan dalem sami badhe negori sadaya wit-witan ingkang sae; panjenengan dalem sami badhe nyumpeti sakathahing sumber sarta sami badhe ngrisak sakathahing pategilan kaliyan sela.”

20. Esuke nalika wancine wong nyaosake kurban, dumadakan banjur ana banyu teka saka ing penere tanah Edom, nagara kono nuli kebak banyu.

21. Bareng wong Moab kabeh padha krungu, manawa ratu tetelu mau padha nglurugi perang, kabeh wong kang isih bisa nganggar pedhang padha dikerigake, malah uga para wong kang luwih tuwa; iku padha dipapanake ana ing tapel-wates.

22. Esuke uthuk-uthuk, nalika srengenge nyoroti lumahing banyu, tumrap wong Moab banyu mau katon abang kaya getih.

23. Nuli padha alok: “Iku getih! Para ratu iku mesthi wus padha paten-pinaten, kang siji mateni sijine. Mulane saiki, ayo padha njarah-rayah, he para wong Moab!”

24. Nanging bareng padha tekan ing pakuwone wong Israel, wong Israel banjur tumandang, para wong Moab padha kagecak, satemah padha lumayu saka ing kono.

25. Kutha-kutha padha digempuri sarta saben pategalan kang becik diurugi watu, amarga saben wong nguncalake watu mrono. Sakehing sumber padha disumpeti lan sakehing wit-witan kang becik padha ditegori, nganti mung kutha Kir-Hareset kang dikarekake, nanging kutha iki banjur kakepung lan dikrutugi ing watu dening para pambandhil.

26. Bareng Sang Nata ing Moab mirsa, manawa perang iki abot banget sanggane, tumuli mbekta bala pitung atus kang sikep pedang sumedya nrobos lan nempuh ratu ing Edom, nanging ora antuk gawe.

maca bab lengkap 2 Para Raja 3