Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, anggone jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yosafat, nata ing Yehuda sarta anggone ngasta paprentahan lawase rolas taun.

2. Sang Prabu Yoram iku nglampahi apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nanging ora kaya kang rama lan kang ibu: tugu brahala Baal kang diedegake kang ramane disingkirake.

3. Ewadene sanadyan mangkono panjenengane isih lumengket marang dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa; iku ora ditebihi.

4. Sang Prabu Mesa, ratu ing Moab, iku ngingah wedhus gembel; minangka bulu-bekti panjenengane nyaosi marang ratu ing Israel cempe satus ewu lan wulu wedhus lanang satus ewu.

5. Nanging sasedane Sang Prabu Akhab, ratu ing Moab mau mbalela marang ratu ing Israel.

6. Ing nalika samana Sang Prabu Yoram miyos saka ing Samaria lan banjur niti-priksa pabarisane wong Israel kabeh.

7. Sang Prabu nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang surasane: “Ratu ing Moab sampun mbalela dhateng kula! Punapa panjenengan karsa sesarengan kaliyan kula nglurug perang dhateng ing Moab?” Paring wangsulane: “Kula badhe majeng perang. Kita punika rak sami, kula lan panjenengan, rakyat kula kaliyan rakyat panjenengan, kapal kula kaliyan kapal panjenengan.”

8. Sarta maneh pangandikane: “Medal ing pundi anggen kita badhe nglurug?” Paring wangsulane: “Medal ing pasamunan ing Edom!”

9. Ratu ing Israel lan ratu ing Yehuda sarta ratu ing Edom banjur padha tindak nglurug. Nanging bareng anggone tindak mrana-mrene wus oleh lakon pitung dina, jebul ora ana banyu kanggo wadya-bala lan kanggo kewan-kewane.

10. Sang Nata ing Israel nuli ngandika: “Adhuh, Pangeran Yehuwah anggone nimbali katelu-telune iki bakal kaulungake marang ing tangane wong Moab!”

maca bab lengkap 2 Para Raja 3