Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 25:16-28 Kitab Sutji (JAV)

16. Dene saka loro-lorone, segaran siji lan kretan-kretanan panuwak yasane Sang Prabu Suleman kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sakehe barang-barang iku tembagane nganti ora kena katimbang.

17. Saka kang siji dhuwure wolulas asta, ing dhuwure ana krebil tembaga; dhuwure krebil iku telung asta lan nam-namane lan tetironing woh dlima kang ana ing sadhuwure krebil mubeng, iku kabeh uga tembaga. Lan kaya mangkono uga saka sijine dalasan nam-namane.

18. Panggedhening wadya-bala tamtama mau banjur nyepeng Sang Seraya, imam-agung, lan Zefanya, imam pangkat loro lan para kang jaga lawang telu.

19. Punggawa kraton ing kutha kono kang diangkat dadi panggedhening wadya-bala, abdi peladose pribadi Sang Nata kang ana ing kutha kono cacahe lima, sekretarising panggedhene wadya-bala kang nglumpukake rakyat kadadekake prajurit sarta wong saka ing satengahing rakyat ing nagara kono cacah sawidak, iku padha ditangkep kabeh.

20. Wong-wong mau padha dicekeli dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, banjur padha disebakake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil, ana ing Ribla.

21. Sang Nata ing Babil tumuli dhawuh mateni wong-wong mau ana ing Ribla, ing tanah Hamat. Iya mangkono iku anggone wong Yehuda padha kaboyongan saka ing tanahe kaparakake marang ing pambuwangan.

22. Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil banjur ngangkat Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi panggedhe kang ngereh rakyat kang isih kari ana ing tanah Yehuda, kang dikarekake dening Sang Prabu.

23. Bareng para panggedhening wadya-bala padha mireng, manawa Sang Nata ing Babil wus misuda Sang Gedalya, banjur padha murugi Sang Gedalya, menyang ing Mizpa, yaiku Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, saka ing Netofa, lan Sang Yaasanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake dening wadya-balane.

24. Sang Gedalya tumuli supaos marang para panggedhe lan marang para wadya-balane: “Kowe aja padha wedi marang para punggawa ing Kasdim; padha tetepa manggon ana ing nagara kene lan sumuyuda marang Sang Nata ing Babil, temah bakal padha slamet.”

25. Nanging ing sasi kang kapitu Sang Ismael bin Netanya bin Elisama, kang isih trahing ratu, kalawan kadherekake ing wong sepuluh, tindak murugi Sang Gedalya, kang banjur disedani, samono uga para wong Yehuda lan para wong Kasdim kang padha ndherek panjenengane ana ing Mizpa.

26. Sawuse mangkono rakyat kabeh, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, dalasan para panggedhening wadya-bala padha budhal ngungsi menyang ing Mesir, awit padha wedi marang wong Kasdim.

27. Kacarita ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda kabucal, ing sasi kang kaping rolas, ing tanggal kaping pitulikur ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, nalika ing taun jumenenge ratu, paring sih-piwelas marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, yaiku banjur kaluwaran saka ing pakunjaran.

28. Sang Prabu Ewil-Merodakh ngandika marang panjenengane kalawan grapyak, lan maringi kalenggahan marang panjenengane, ngluwihi para ratu kang bebarengan karo panjenengane ana ing Babil.

maca bab lengkap 2 Para Raja 25