Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 23:8-21 Kitab Sutji (JAV)

8. Sang Prabu nimbali sakehing imam saka ing kutha-kutha ing wilayah Yehuda, padha kadhawuhan najisake tengger-tengger pangurbanan, panggonane para imam padha ngobong kurban, wiwit ing Geba nganti tekan ing Bersyeba. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing gapura ing sacedhake panggonan lumebune ing gapurane Yusak, panggedhening kutha kono, kang ana ing sisih kiwa manawa wong lumebu ing gapuraning kutha iku, iku uga padha karubuhake.

9. Nanging para imam ing tengger-tengger pangurbanan iku ora diparengake munggah marang ing misbyahe Pangeran Yehuwah ing Yerusalem, wong-wong iku mung dililani mangan roti tanpa ragi ana ing satengahe sadulur-sadulure.

10. Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.

11. Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.

12. Misbyah-misbyah ing payoning panggung, papan manawa Sang Prabu Akhas ngisis, yasane para ratu ing Yehuda lan misbyah-misbyah yasane Sang Prabu Manasye kang ana ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah karo pisan, iku padha dibubrahi dening Sang Prabu, kaejur-ejur dadi awu ana ing kono, awune nuli kabuwang ing kali Kidron.

13. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.

14. Tugu-tugu brahala padha diremuki lan saka-saka brahala padha dirubuhake sarta papan-papan ing kono nuli kaurugan ing balung manungsa.

15. Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.

16. Lan bareng Sang Prabu Yosia mengo lan mirsa kuburan-kuburan kang ana ing kono, banjur dhawuh njupuki balung-balung ing kuburan-kuburan iku lan kadhawuhan ngobong ana ing misbyah sarta nuli dinajisake, netepi pangandikaning Pangeran Yehuwah kang wus kaparingake abdining Allah, kang banjur ngluntakake pangandika mau.

17. Sang Nata ndangu: “Tetenger kramatan kang ana ing kana kae apa?” Wong-wong ing kutha kono padha munjuk: “Punika pasareanipun abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda lan ingkang sampun mangandikakaken sakathahing prakawis ingkang sampun paduka tindakaken tumrap misbyah ing Betel punika!”

18. Pangandikane Sang Nata: “Iku aja sira kapak-kapakake, aja nganti ana wong kang nggepok-senggol marang balung-balunge!” Dadine wong-wong ora padha ngarubiru marang balung-balunge lan uga balung-balunge nabi kang pinangkane saka ing Samaria kono.

19. Sang Prabu Yosia uga nyingkirake sakehing omah ing tengger-tengger pangurbanan ing kutha-kutha ing wilayah Samaria, kang kadamel dening para ratu ing Israel lan kang damel gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah. Anadene anggone tumindak ana ing kono iku plek kaya ana ing Betel.

20. Sang Nata dhawuh nyembelehi sakehing imame tengger-tengger pangurbanan kang ana ing kono ana ing misbyah-misbyahe lan dhawuh ngobong balung-balung wong ana ing kono. Sawuse iku Sang Prabu tumuli kondur menyang ing Yerusalem

21. Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”

maca bab lengkap 2 Para Raja 23