Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 23:26-35 Kitab Sutji (JAV)

26. Ewadene Pangeran Yehuwah ora sumingkir saka ing bebendune kang mulad-mulad marang Yehuda, marga saka gerahing panggalihe, kang tuwuh awit saka pokal-damele Sang Prabu Manasye.

27. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Uga wong Yehuda bakal Sunsingkirake saka ing ngarsaningSun kayadene anggoningSun wus nyingkirake wong Israel, sarta Ingsun bakal mbucal kutha kang wus Sunpilih iki, yaiku Yerusalem, apadene padaleman iki, sanadyan Ingsun wus ngandika tumrap iku mangkene: AsmaningSun bakal dumunung ana ing kono!”

28. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosia lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

29. Ing jamane Sang Prabu Yosia iku Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, majeng perang nglawan ratu ing Asyur ana ing sapinggiring kali Efrat; Sang Prabu Yosia mapagake panjenengane, nanging bareng kapirsan dening Sang Prabu Pringon, banjur kasedanan dening Sang Prabu Pringon ana ing Megido.

30. Layone tumuli katitihake ing kreta dening para punggawane, kagawa saka ing Megido menyang ing Yerusalem, banjur kasarekake ana ing pasareane piyambak. Rakyat ing nagara kono tumuli methuk Pangeran Yoahas, kang putra, kang banjur dijebadi lan kajumenengake ratu, nggentosi kang rama.

31. Pangeran Yoahas nalika jumeneng ratu iku yuswane telulikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi. Kang ibu asmane Hamutal, putri putrane Sang Yeremia, saka ing Libna.

32. Sang Nata nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah plek kayadene para leluhure.

33. Panjenengane kakunjara dening Sang Prabu Pringon Nekho ana ing Ribla, ing tanah Hamat, supaya ora ngasta paprentahan ing Yerusalem, karo maneh nagara iku kawajibake dening Sang Prabu Pringon mbayar dhendha kehe satus talenta selaka lan sepuluh talenta emas.

34. Sang Prabu Pringon Nekho banjur njumenengake ratu Pangeran Elyakim, putrane Sang Prabu Yosia, kang rama, sarta nyantuni asmane dadi Yoyakim. Nanging Sang Prabu Yoahas kabekta menyang ing Mesir lan bareng wus rawuh ana ing kana, Sang Prabu banjur seda.

35. Sang Prabu Yoyakim nyaosi emas lan selaka mau marang Sang Prabu Pringon, nanging supaya bisa nyaosi dhuwit samono iku, Sang Prabu narik pajeg saka ing nagara, iku miturut dhawuhe Sang Prabu Pringon. Kang dipundhuti emas lan selaka iku rakyat ing nagara, saben wong manut kehing pajeg kang ditetepake kang bakal kacaosake marang Sang Prabu Pringon Nekho.

maca bab lengkap 2 Para Raja 23