Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 23:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Lan bareng Sang Prabu Yosia mengo lan mirsa kuburan-kuburan kang ana ing kono, banjur dhawuh njupuki balung-balung ing kuburan-kuburan iku lan kadhawuhan ngobong ana ing misbyah sarta nuli dinajisake, netepi pangandikaning Pangeran Yehuwah kang wus kaparingake abdining Allah, kang banjur ngluntakake pangandika mau.

17. Sang Nata ndangu: “Tetenger kramatan kang ana ing kana kae apa?” Wong-wong ing kutha kono padha munjuk: “Punika pasareanipun abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda lan ingkang sampun mangandikakaken sakathahing prakawis ingkang sampun paduka tindakaken tumrap misbyah ing Betel punika!”

18. Pangandikane Sang Nata: “Iku aja sira kapak-kapakake, aja nganti ana wong kang nggepok-senggol marang balung-balunge!” Dadine wong-wong ora padha ngarubiru marang balung-balunge lan uga balung-balunge nabi kang pinangkane saka ing Samaria kono.

19. Sang Prabu Yosia uga nyingkirake sakehing omah ing tengger-tengger pangurbanan ing kutha-kutha ing wilayah Samaria, kang kadamel dening para ratu ing Israel lan kang damel gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah. Anadene anggone tumindak ana ing kono iku plek kaya ana ing Betel.

20. Sang Nata dhawuh nyembelehi sakehing imame tengger-tengger pangurbanan kang ana ing kono ana ing misbyah-misbyahe lan dhawuh ngobong balung-balung wong ana ing kono. Sawuse iku Sang Prabu tumuli kondur menyang ing Yerusalem

21. Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”

22. Amarga wiwit jamane para hakim kang ngasta paprentahan ing Israel lan jamane para ratu ing Israel sarta para ratu ing Yehuda Paskah ora tau diriyayakake kaya mangkono.

23. Nanging lagi ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yosia Paskah iki diriyayakake kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem.

24. Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

25. Sadurunge panjenengane ora ana ratu kang kaya panjenengane, kang anggone mratobat marang Pangeran Yehuwah kanthi gumolonging panggalihe, kanthi gumolonging nyawane lan kanthi sakakuwatane kabeh, miturut sakehe Torete Nabi Musa, sarta sawuse panjenengane ora ana ratu maneh kang kaya panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 23