Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 23:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Prabu nuli nglempakake sakehing pinituwaning Yehuda lan Yerusalem.

2. Sang Prabu banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah kadherekake dening sakehe wong Yehuda lan kabeh pendhudhuk Yerusalem, para imam, para nabi lan sakehe rakyat lumrah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe. Panjenengane tumuli maosake sakehing pangandika ing kitab prajanjian kang ketemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah mau.

3. Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ing sacedhake saka sarta nganakake prajanjian ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, bakal mbangun miturut marang Pangeran Yehuwah lan netepi dhawuhe, pranatan-pranatane lan katetepan-katetepane kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawa sarta bakal netepi pangandikaning prajanjian kang katulis ana ing kitab mau. Anadene rakyat kabeh padha nyengkuyung prajanjian iku.

4. Sang Nata nuli dhawuh marang Imam Agung Hilkia, para imam pangkat loro lan para kang padha jaga lawang, supaya padha nyingkirake saka ing padalemaning Sang Yehuwah sakehing piranti kang digawe kanggo Baal lan Asyera lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit, iku kabeh tumuli padha diobong ana ing sajabaning kutha Yerusalem ana ing ara-ara ing sapinggire kali Kidron, dene awune digawa menyang ing Betel.

5. Para imaming dewa ngamanca kang diangkat dening para ratu ing Yehuda, kang gaweane ngobong kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan ana ing kutha-kutha ing wewengkon Yehuda lan ing sakubenge Yerusalem, iku padha dilereni, samono uga kang padha ngobong kurban kanggo Baal, kanggo dewaning srengenge, kanggo dewaning rembulan, kanggo dhapukan-dhapukan lintang lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit.

6. Tugu-tugu brahala padha diwetokake saka ing padalemaning Sang Yehuwah, saka ing kutha Yerusalem, digawa menyang ing kali Kidron padha diobong ana ing kono lan diejur-ejur nganti lembut dadi awu sarta banjur kabuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah.

7. Omah-omah palacuran kanggo ngibadah kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dirubuhake, yaiku omah-omah kang uga dadi panggonane para wong wadon padha nenun sarung kanggo Asyera.

8. Sang Prabu nimbali sakehing imam saka ing kutha-kutha ing wilayah Yehuda, padha kadhawuhan najisake tengger-tengger pangurbanan, panggonane para imam padha ngobong kurban, wiwit ing Geba nganti tekan ing Bersyeba. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing gapura ing sacedhake panggonan lumebune ing gapurane Yusak, panggedhening kutha kono, kang ana ing sisih kiwa manawa wong lumebu ing gapuraning kutha iku, iku uga padha karubuhake.

9. Nanging para imam ing tengger-tengger pangurbanan iku ora diparengake munggah marang ing misbyahe Pangeran Yehuwah ing Yerusalem, wong-wong iku mung dililani mangan roti tanpa ragi ana ing satengahe sadulur-sadulure.

10. Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.

11. Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.

12. Misbyah-misbyah ing payoning panggung, papan manawa Sang Prabu Akhas ngisis, yasane para ratu ing Yehuda lan misbyah-misbyah yasane Sang Prabu Manasye kang ana ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah karo pisan, iku padha dibubrahi dening Sang Prabu, kaejur-ejur dadi awu ana ing kono, awune nuli kabuwang ing kali Kidron.

13. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing sawetane Yerusalem, ing sakidule tengger Karusakan, kang kaedegake dening Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, kanggo Asytoret, dewaning kanisthan, sesembahane wong Sidon, kanggo Kamos, dewaning kanisthan, sesembahane wong Moab, lan kanggo Milkom, dewaning kanisthan, sesembahane wong Amon, iku iya kanajisake dening Sang Prabu.

14. Tugu-tugu brahala padha diremuki lan saka-saka brahala padha dirubuhake sarta papan-papan ing kono nuli kaurugan ing balung manungsa.

15. Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.

maca bab lengkap 2 Para Raja 23