Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 22:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yosia nalika jumeneng ratu iku yuswane wolung taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh siji taun. Kang ibu asma Yedida, putri putrane Sang Adaya, saka ing Bozkat.

2. Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang menengen utawa mangiwa.

3. Ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yosia, Sang Prabu utusan Sang Safan bin Azalya, bin Mesulam, sekretarise, menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, pangandikane:

4. “Sira sowana ing ngarsane Imam Agung Hilkia, aturana masrahake kabeh dhuwit kang wus kagawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah, kang wus kaklempakake saka rakyat dening para kang jaga lawang;

5. iku kareben diwenehake marang ing tangane para kang kapasrahan rumeksa padalemaning Sang Yehuwah, iku banjur padha ngedumna dhuwit mau marang para tukang kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah, supaya dianggoa ndandani karusakaning padaleman iku,

6. yaiku marang para tukang kayu, para tukang bangunan, lan marang para tukang batu, uga kanggo tuku kayu lan watu tatahan, kanggo ndandani padaleman mau.

7. Nanging ora usah nganakake etung-etungan karo wong-wong mau tumrap dhuwit kang wus ditampakake marang ing tangane wong-wong iku, amarga iku padha nyambut gawe kalawan temen.”

8. Imam Agung Hilkia nuli ngandika marang Sang Safan, sekretarise mau: “Kula manggih Kitab Toret punika wonten ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Imam Agung Hilkia nuli maringake kitab iku marang Sang Safan, banjur diwaos.

9. Sawuse iku Sang Safan, sekretaris mau, tumuli lumebet sowan ing ngarsane Sang Nata, ngaturake pawarta bab iku, unjuke: “Para abdi dalem punika sampun sami nampeni sadaya arta ingkang wonten ing padalemaning Sang Yehuwah, ingkang lajeng sampun kapasrahaken dhateng ing tanganipun para ingkang kawajiban rumeksa padaleman punika.” Sang Safan, sekretaris iku,

10. uga munjuk marang Sang Nata: “Imam Hilkia maringi kitab punika dhumateng kawula.” Sang Safan nuli maos kitab iku ana ing ngarsane Sang Prabu.

11. Bareng Sang Nata wus midhangetake pangandika ing Kitab Toret iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 22