Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 21:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Malah panjenengane misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, olah ngelmu pameca lan petungan, apadene remen lelayanan karo para prewangan lan para juru nujum. Akeh pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe.

7. Panjenengane mrenahake reca Asyera yeyasane ana ing sajroning padaleman, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Sang Prabu Dawud lan marang Sang Prabu Suleman, kang putra: “Ana ing padaleman iki, lan ana ing Yerusalem, kang wus Sunpilih saka ing antarane suku Israel, anggoningSun bakal maringake asmaningSun kanggo ing salawas-lawase!

8. Ingsun ora bakal marengake maneh bangsa Israel kagawa metu saka ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure, anggere padha tetep nglakoni apa kang wus Sundhawuhake marang dheweke lumantar abdiningSun Musa.”

9. Nanging ora padha gelem ngrungokake, padha kasasarake dening Sang Prabu Manasye, satemah padha nglakoni kang ala, ngluwihi para bangsa kang wus padha kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

10. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika lumantar para abdine, yaiku para nabi:

11. “Ing sarehne Manasye, ratu ing Yehuda, wus nglakoni kanisthan-kanisthan iki, nglakoni piala ngungkuli sakehing panggawene wong Amori, kang anane ing sadurunge, lan srana brahala-brahalane njalari wong Yehuda uga banjur nindakake dosa,

12. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: “Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ana ing Yerusalem lan ing Yehuda, satemah saben wong kang krungu nganti sumruwung kupinge karo pisan.

13. Sarta Ingsun bakal ngetrapi tali pangukuran marang Yerusalem padha kaya marang Samaria lan tali lod padha kaya marang brayate Akhab; sarta Ingsun bakal ngresiki kayadene patrape wong ngresiki pinggan, yen wus diresiki banjur diwalik dikurebake.

maca bab lengkap 2 Para Raja 21