Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 21:3-19 Kitab Sutji (JAV)

3. Tengger-tengger pangurbanan kang wus disirnakake dening Sang Prabu Hizkia, kang rama, padha didegake maneh; panjenengane yasa misbyah-misbyah kanggo Baal, damel reca Asyera kaya Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan sujud nyembah marang sakehing wadya-bala ing langit sarta ngabekti marang iku.

4. Panjenengane ngedegake misbyah-misbyah ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wis ngandika: “Ingsun bakal maringake asmaningSun ana ing Yerusalem!”

5. Sabanjure Sang Nata uga ngedegake misbyah-misbyah kanggo sakehing wadya-bala ing langit ana ing plataraning Padalemane Pangeran Yehuwah loro pisan.

6. Malah panjenengane misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, olah ngelmu pameca lan petungan, apadene remen lelayanan karo para prewangan lan para juru nujum. Akeh pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe.

7. Panjenengane mrenahake reca Asyera yeyasane ana ing sajroning padaleman, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Sang Prabu Dawud lan marang Sang Prabu Suleman, kang putra: “Ana ing padaleman iki, lan ana ing Yerusalem, kang wus Sunpilih saka ing antarane suku Israel, anggoningSun bakal maringake asmaningSun kanggo ing salawas-lawase!

8. Ingsun ora bakal marengake maneh bangsa Israel kagawa metu saka ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure, anggere padha tetep nglakoni apa kang wus Sundhawuhake marang dheweke lumantar abdiningSun Musa.”

9. Nanging ora padha gelem ngrungokake, padha kasasarake dening Sang Prabu Manasye, satemah padha nglakoni kang ala, ngluwihi para bangsa kang wus padha kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

10. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika lumantar para abdine, yaiku para nabi:

11. “Ing sarehne Manasye, ratu ing Yehuda, wus nglakoni kanisthan-kanisthan iki, nglakoni piala ngungkuli sakehing panggawene wong Amori, kang anane ing sadurunge, lan srana brahala-brahalane njalari wong Yehuda uga banjur nindakake dosa,

12. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: “Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ana ing Yerusalem lan ing Yehuda, satemah saben wong kang krungu nganti sumruwung kupinge karo pisan.

13. Sarta Ingsun bakal ngetrapi tali pangukuran marang Yerusalem padha kaya marang Samaria lan tali lod padha kaya marang brayate Akhab; sarta Ingsun bakal ngresiki kayadene patrape wong ngresiki pinggan, yen wus diresiki banjur diwalik dikurebake.

14. Kekarene pusaka kagunganingSun bakal Sunbucal, Sunulungake marang ing tanganing para mungsuhe, satemah dadi jarahan lan dadi bandhanganing sakehe mungsuhe,

15. awit wus padha nglakoni apa kang ala ana ing paningalingSun lan marga saka mangkono padha gawe gerahing panggalihingSun, wiwit nalika para leluhure padha metu saka ing tanah Mesir nganti tumeka ing dina iki.”

16. Sabanjure Sang Prabu Manasye ngwutahake getihe wong kang ora luput nganti makaping-kaping, nganti ngebaki Yerusalem wiwit poncot tekan poncot, iku durung kapetung dosa-dosane kang njalari wong Yehuda banjur nglakoni dosa uga, yaiku nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah.

17. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Manasye, sakehing pandamele lan dosa-dosa kang dilampahi, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

18. Sang Prabu Manasye nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ana ing patamananing kratone, ing patamanan Uza. Dene Pangeran Amon, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

19. Nalika Pangeran Amon jumeneng ratu iku yuswane rolikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene rong taun. Kang ibu asma Mesulemet, putri putrane Sang Harus, saka ing Yotba.

maca bab lengkap 2 Para Raja 21