Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 20:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Atur wangsulane Nabi Yesaya: “Punika ingkang badhe dados tandhanipun kagem panjenengan dalem saking Pangeran Yehuwah, bilih panjenengan dalem badhe nglampahi punapa ingkang sampun dipun janjekaken: Ayang-ayangan punika badhe majeng sadasa tapak punapa badhe mundur sadasa tapak?”

10. Sang Prabu Hizkia ngandika: “Tumrap ayang-ayangan punika langkung gampil mandhap sadasa tapak! Nanging sampun mekaten, ayang-ayanganipun kajengipun mundur sadasa tapak.”

11. Nabi Yesaya banjur nyebut marang Pangeran Yehuwah, lan Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake ayang-ayangan kang wus mangisor ana ing bencet gaweane Akhas iku banjur bali mundur maneh sepuluh tapak.

12. Ing nalika samana Sang Prabu Merodakh-Baladan bin Baladan, ratu ing nagara Babil, utusan wong ngunjukake layang lan atur-atur marang Sang Prabu Hizkia, marga kepireng, manawa ing maune Sang Prabu Hizkia gerah.

13. Sang Prabu Hizkia rena ing penggalih marga saka pisowane para utusan iku, banjur padha ditedahi sakehing isining gedhong pasimpenaning raja-brana, emas lan selaka lan lenga kang adi, gedhong praboting perang sarta kabeh kang ana ing pasimpenane. Ora ana barang kang ora dikatingalake dening Sang Prabu Hizkia marang para utusan mau, kang ana ing kratone lan kang ana ing wilayahing pangwaose.

14. Bareng wus mangkono Nabi Yesaya sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk pitakon: “Punapa ingkang sampun dipun aturaken dening tiyang-tiyang punika? Tuwin saking pundi asalipun tiyang-tiyang punika?” Paring wangsulane Sang Prabu Hizkia: “Tiyang-tiyang punika dhatengipun saking nagari ingkang tebih, saking nagari Babil!”

15. Nabi Yesaya matur pitakon maneh: “Punapa kemawon ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken dhateng tiyang-tiyang punika, ingkang wonten ing pasimpenan kula.”

16. Nabi Yesaya nuli matur marang Sang Prabu Hizkia: “Kawula aturi midhangetaken pangandikaning Pangeran Yehuwah!

17. Lah bakal tumeka ing titimangsane, kabeh kang ana ing kratonira lan kang kasimpen dening para leluhurira nganti saprene iki bakal kausungan menyang ing Babil. Ora ana barang kang bakal dikarekake. -- Makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --

18. Lan turunira, kang bakal metu saka ing sira, bakal ana kang dipundhut kadadekake priyagung ana ing kedhatone ratu ing Babil.”

19. Sang Prabu Hizkia mangsuli marang Nabi Yesaya, pangandikane: “Nyata sae pangandikaning Sang Yehuwah ingkang panjenengan lairaken punika!” Nanging osiking panggalihe mangkene: “Anggere aku sajege uripku ngrasakake karukunan lan katentreman!”

20. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Hizkia, sakehing kaprawirane lan anggone yasa blumbang lan ilen-ilen banyu sarta anggone ngilekake banyu menyang ing sajroning kutha, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

21. Sang Prabu Hizkia banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure. Dene Pangeran Manasye, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 20