Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 20:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya bin Amos nuli sowan lan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aweha piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.”

2. Sang Prabu Hizkia banjur ngengokake pasuryane marang tembok lan ndedonga marang Pangeran Yehuwah:

3. “Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapadene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” Sang Prabu Hizkia tumuli muwun kang banget kae.

4. Nanging Nabi Yesaya durung nganti medal saka ing plataran tengah, dumadakan kaparingan dhawuh dening Pangeran Yehuwah mangkene:

5. “Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.

6. Umurira bakal Sunwewahi limalas taun sarta sira lan kutha iki bakal Sunuwalake saka ing tangane ratu ing Asyur. Kutha iki bakal Sunpageri, marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 20