Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 19:22-37 Kitab Sutji (JAV)

22. Sapa ta kang sira wewadalan sira ala-ala iku?Tumuju marang sapa ta sira ngumbar swaranirakang sora iku,sarta mentheleng kalawan gumunggung iku?Tumuju marang Kang Mahakuwasa Gusti Allahe Israel!

23. Lumantar para utusanira sira wus memada Pangeran Yehuwahlan sira wus ngucap: Kalawan kretaku kang akeh cacaheaku munggah ing panggonan-panggonan kang dhuwur ing pagunungan,menyang panggonan kang adoh dhewe ing gunung Libanon;aku wus negori wite eres kang dhuwur-dhuwur tur gedhe-gedhe,wite beros kang pilihan-pilihan;aku wus lumebu ing papan panginepan kang poncot dhewe,menyang ing alase kang wit-witane ketel.

24. Ingsun iku wus ndhudhuk banyulan wus ngunjuk banyu duweking liyan,sarta Ingsun wus ngasatake kalawan tlapakaning sampeyaningSunsakehing kali ing tanah Mesir.

25. Sira apa ora wus krungu,manawa Ingsun wus nemtokake dina saka ing kadohanlan wus ngrancang bab iku nalika ing jaman kuna-makuna?Saiki iku Sunwujudake,yaiku manawa sira gawe sepi mamringekutha-kutha betengsira dadekake tumpukan watu.

26. Wong kang padha manggon ing kono kang tanpa dayadadi kaget lan wirang;padha dadi kaya thethukulan ing ara-aralan kaya suket kang ijo,kaya suket ing sadhuwuring payonutawa kaya gandum kang alum sadurunge tuwa.

27. Ingsun mirsa, manawa sira tangi utawa lungguhmanawa sira metu utawa lumebu,utawa manawa sira ngamuk marang Ingsun.

28. Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun,lan tembung-tembungira kang kumlungkungwus ngenani talinganingSun,mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ana ing irungiralan kendhaliningSun ana ing lambenira,sarta Ingsun bakal ngulihake sira metu ing dalan, pinangkanira.

29. Lan iki kang bakal dadi tandha tumrap sira, he Hizkia: Ing taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, dene ing taun kang kapindho pametune tanduran kang kawitan, nanging ing taun kang katelune sira bakal nyebar, ngeneni, gawe kebon anggur lan mangan wohe,

30. sarta para wong kang oncat ing antarane turune Yehuda, yaiku para wong kang isih ana, iku bakal metu oyode maneh mangisor lan metokake woh mandhuwur.

31. Sabab saka ing Yerusalem bakal metune para wong kang isih ana sarta saka ing gunung Sion wong-wong kang oncat. Bentering penggalihe Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang bakal nindakake bab iki.

32. Milanipun mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Dheweke ora bakal lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panah mrene; uga ora bakal nekani kalawan nggawa tameng tuwin ora bakal gawe tanggul pangepungan.

33. Bakal mulih metu ing dalan pinangkane, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --

34. Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

35. Kacarita ing bengi iku Sang Malaekating Yehuwah miyos, banjur nyirnakake wong ing pakuwone Asyur wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun kabeh kang katon iku jisime wong mati!

36. Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur banjur kondur lan kendel ana ing Ninewe.

37. Ing sawijining dina nalika Sang Prabu lagi sujud nyembah ana ing omah pepundhene Nisrokh, allahe, banjur disedani dening Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sarezer, para putrane, sarta sekarone tumuli padha lolos menyang ing tanah Ararat, dene Pangeran Esarhadon, uga putrane, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 19