Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 19:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sang Prabu Hizkia midhanget kang mangkono iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan mangagem bagor lan banjur lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

2. Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan para tetuwaning imam uga tumuli kautus sowan ing ngarsaning Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor,

3. sarta ature: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha dintening kawirangan; awit sampun dumugi ing leking jabang-bayi, nanging boten wonten kekiyatan kangge nglairaken.

4. Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”

5. Bareng para punggawane Sang Prabu Hizkia wus ana ing ngarsane Nabi Yesaya,

6. padha dipangandikani mangkene: “Sampeyan sami matur dhateng gusti sampeyan: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang wus kaucapake dening para abdine ratu ing Asyur kang ngala-ala marang Ingsun iku.

7. Lah Ingsun bakal ngutus roh kang manjing marang dheweke, temah banjur krungu sawijining pawarta lan tumuli mulih menyang ing negarane. Wong iku bakal Sundadekake mati dening pedhang ana ing negarane dhewe.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 19