Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 19:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sang Prabu Hizkia midhanget kang mangkono iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan mangagem bagor lan banjur lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

2. Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan para tetuwaning imam uga tumuli kautus sowan ing ngarsaning Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor,

3. sarta ature: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha dintening kawirangan; awit sampun dumugi ing leking jabang-bayi, nanging boten wonten kekiyatan kangge nglairaken.

4. Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”

5. Bareng para punggawane Sang Prabu Hizkia wus ana ing ngarsane Nabi Yesaya,

6. padha dipangandikani mangkene: “Sampeyan sami matur dhateng gusti sampeyan: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang wus kaucapake dening para abdine ratu ing Asyur kang ngala-ala marang Ingsun iku.

7. Lah Ingsun bakal ngutus roh kang manjing marang dheweke, temah banjur krungu sawijining pawarta lan tumuli mulih menyang ing negarane. Wong iku bakal Sundadekake mati dening pedhang ana ing negarane dhewe.”

8. Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.

9. Nalika iku Sang Prabu mireng pawarta bab Sang Prabu Tirhaka, ratu ing Etiopia, mangkene: “Lah panjenenganipun sampun miyosi perang nglawan panjenengan dalem,” mulane banjur ngintunake utusan maneh kang padha didhawuhi ngaturake pangandikane marang Sang Prabu Hizkia:

10. “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia ratu ing Yehuda: sira aja nganti kena diapusi dening Allahira, kang janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

11. Lah sira wus krungu bab kang katandukake dening para ratu ing Asyur marang sakehe nagara, yaiku manawa iku padha katumpes. Apa iya sira bakal diuculake?

12. Apa para allahe bangsa-bangsa, kang wus padha disirnakake dening para leluhuringsun bisa ngluwari bangsa-bangsa mau, yaiku Gozan, Haran, Rezef lan bani Eden kang ana ing Telasar?

13. Ana ing ngendi ta ratuning nagara Hamat lan Arpad, ratuning kutha Sefarwaim, ratuning nagara Hena lan Iwa?”

14. Sang Prabu Hizkia nampeni layang iku saka ing tangane para utusan, layang nuli kawaos. Sang Prabu banjur tindak lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

15. Sang Prabu Hizkia tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Gusti Allahipun sakathahing karajan ing bumi. Paduka ingkang nitahaken langit kalayan bumi.

16. Paduka mugi karsaa nenglengaken talingan Paduka, dhuh Yehuwah, saha mugi karsaa midhangetaken; Paduka mugi karsaa ngagem paningal Paduka, dhuh Yehuwah saha mugi karsaa mirsani. Paduka mugi karsaa midhangetaken tembung-tembungipun Sanherib ingkang sampun dipun kintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.

maca bab lengkap 2 Para Raja 19