Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 18:32-35 Kitab Sutji (JAV)

32. nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!

33. Apa tau kelakon allah-allahe para bangsa padha bisa ngluwari bangsa-bangsa mau saka ing astane Sang Nata ing Asyur?

34. Endi para allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim, Hena lan Iwa? Apa iku wus padha ngluwari Samaria saka ing astaningsun?

35. Ing antarane para allahe nagara-nagara iku apa ana kang wus ngluwari nagarane saka ing astaningsun, lah kok Pangeran Yehuwah sagah arep ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”

maca bab lengkap 2 Para Raja 18