Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 16:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping pitulase jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, Pangeran Akhas putrane Sang Prabu Yotam, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

2. Nalika jumeneng iku Sang Prabu Akhas yuswa rong puluh taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Panjenengane ora nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kayadene Sang Prabu Dawud, leluhure,

3. nanging sugenge niru pandamele para ratu ing Israel, panjenengane malah misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, kayadene panggawe nistha kang katindakake dening para bangsa kang wus kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

4. Panjenengane sesaji lan mbesmi kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan lan ing panggonan-panggonan kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit-witan kang ngrembuyung.

5. Ing nalika samana Sang Prabu Rezin, ratu ing Aram, lan Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang merangi Yerusalem, banjur ngepang Sang Prabu Akhas, nanging ora bisa nelukake panjenengane.

6. Ing nalika iku Sang Prabu Rezin, ratu ing Aram, mangsulake Elat marang Edom, wong-wong Yehuda banjur padha ditundhungi saka ing Elat. Wong Edom nuli padha menyang Elat lan padha manggon ana ing kono nganti saprene.

7. Sang Prabu Akhas tumuli ngintunake utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Tiglat-Pileser, ratu ing Asyur, kadhawuhan ngunjukake ature mangkene: “Kula punika ingkang abdi lan ingkang putra, mila mugi karsaa rawuh ngluwari kula saking ing astanipun ratu ing Aram saha saking ing astanipun ratu ing Israel, ingkang sami merangi kula.”

8. Sang Prabu Akhas banjur mundhuti selaka lan emas kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton sarta kacaosake marang Sang Prabu ing Asyur minangka pisungsung.

9. Sang Prabu ing Asyur iya karsa mirengake panyuwune lan banjur nglurug menyang ing Damsyik; Damsyik diejegi, para pendhudhuke padha diboyongi menyang ing Kir, dadi tawanan, dene Sang Prabu Rezin disedani.

10. Sawuse mangkono Sang Prabu Akhas tindak manggihi Sang Prabu Tiglat-Pileser, ratu ing Asyur, menyang ing Damsyik. Bareng Sang Prabu Akhas mirsa misbyah kang ana ing Damsyik, tumuli ngintuni marang Imam Uria ukuran lan gambar wewujudane misbyah mau, plek manut panggawene.

maca bab lengkap 2 Para Raja 16