Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 15:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Mulane Pangeran Yehuwah banjur nggebag Sang Prabu, temah dadi gerah saraat nganti tumeka ing sedane, lan manggen ing dalem pasetran. Anadene Pangeran Yotam, kang putra, mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.

6. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Azarya lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

7. Sang Prabu Azarya nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, dene Pangeran Yotam, kang putra, tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

8. Ing taun kang kaping telung puluh wolune jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Pangeran Zakharia, putrane Sang Prabu Yerobeam, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan suwene nem sasi.

9. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Pangeran Yehuwah kaya kang dilampahi dening para leluhure, ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel uga banjur nglakoni dosa.

10. Sang Salum bin Yabesy tumuli nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing kutha Yibleam, lan Sang Salum nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

11. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Zakharia, lah iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

12. Rak mangkene pangandikaning Pangeran Yehuwah kang kaparingake marang Sang Prabu Yehu: “Anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti turun kang kaping papat!” Lan iya banjur kelakon mangkono.

13. Sang Prabu Salum bin Yabesy iku anggone jumeneng ratu ing taun kang kaping telung puluh sangane jamane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda; anadene anggone ngasta paprentahan ana ing Samaria suwene sesasi.

14. Sawuse mangkono Sang Menahem bin Gadi saka ing kutha Tirza, nglurugi perang nganti tekan ing Samaria. Sang Menahem nyedani Prabu Salum bin Yabesy ana ing Samaria nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

15. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Salum lan anggone nganakake sekuthon, lah iku kabeh wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

16. Ing nalika iku wiwit saka ing kutha Tirza, Sang Prabu Menahem nyirnakake Tifsakh lan sakehe wong kang ana ing kono dalah wilayahe pisan, amarga wong ora padha gelem ngwengakake lawanging kutha. Mulane kutha iku banjur kasirnakake, sarta sakehe wong wadon kang ngandheg padha dibedheli.

17. Ing taun kang kaping telung puluh sangane jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Sang Menahem bin Gadi madeg dadi ratu ana ing Israel. Anggone ngasta paprentahan lawase sepuluh taun ana ing Samaria.

maca bab lengkap 2 Para Raja 15