Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 15:25-38 Kitab Sutji (JAV)

25. Sawijining opsire, Sang Pekah bin Remalya, nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing Samaria ana ing kraton. Anadene kang ngguyubi yaiku Argob lan Arye sarta wong seket panunggalane bani Gilead. Sang Prabu Pekahya disedani lan sawuse mangkono Sang Pekah nuli madeg dadi ratu nggentosi panjenengane.

26. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Pekahya lan sakehe pandamele, lah iku kabeh wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

27. Ing taun kang kaping seket lorone jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Sang Pekah bin Remalya dadi ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase rong puluh taun.

28. Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nyingkiri dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga.

29. Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.

30. Sang Hosea bin Ela nganakake sekuthon nglawan Sang Prabu Pekah bin Remalya, Sang Prabu disedani lan sawuse mangkono Sang Hosea nuli dadi ratu nggentosi panjenengane, yaiku ing taun kang kaping rong puluhe jamane Sang Prabu Yotam putrane Sang Prabu Uzia.

31. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Pekah lan sakehe pandamele, lah iku kabeh wus katulisan ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

32. Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, Pangeran Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

33. Nalika jumeneng iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Kang ibu asmane Yerusa, putra putrine Sang Zadok.

34. Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, plek apa kang ditindakake dening Sang Prabu Uzia, kang ramane.

35. Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger kono. Sang Prabu yasa Gapura Luhur ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

36. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yotam, apa kang katindakake, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

37. Wiwit jaman samana Pangeran Yehuwah ndadekake Sang Prabu Rezin ratu ing Aram lan Sang Prabu Pekah bin Remalya padha merangi Yehuda.

38. Sang Prabu Yotam nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake sandhing para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, leluhure. Dene Pangeran Akhas, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 15