Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 15:15-26 Kitab Sutji (JAV)

15. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Salum lan anggone nganakake sekuthon, lah iku kabeh wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

16. Ing nalika iku wiwit saka ing kutha Tirza, Sang Prabu Menahem nyirnakake Tifsakh lan sakehe wong kang ana ing kono dalah wilayahe pisan, amarga wong ora padha gelem ngwengakake lawanging kutha. Mulane kutha iku banjur kasirnakake, sarta sakehe wong wadon kang ngandheg padha dibedheli.

17. Ing taun kang kaping telung puluh sangane jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Sang Menahem bin Gadi madeg dadi ratu ana ing Israel. Anggone ngasta paprentahan lawase sepuluh taun ana ing Samaria.

18. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah. Ing sajege sugenge ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nglakoni dosa uga.

19. Sang Prabu Pul, ratu ing Asyur, rawuh lan nempuh nagara kono; Sang Prabu Menahem nuli nyaosi selaka sewu talenta marang Sang Prabu Pul, supaya karsaa mbiyantu nyantosakake karajane ana ing astane.

20. Sang Prabu anggone ngedalake dhuwit iki kanthi kabubuhake marang Israel lan marang sakehe wong kang sugih brewu, supaya kenaa diaturake marang Sang Raja ing Asyur: Saben wong siji kapundhutan selaka seket sekel. Sang Raja ing Asyur banjur kondur, ora tetep ana ing nagara kono.

21. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Menahem lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

22. Sang Prabu Menahem nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, dene Pangeran Pekahya, kang putra, banjur jumeneng raja, nggentosi panjenengane.

23. Ing taun kang kaping sekete jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Pangeran Pekahya, putrane Sang Prabu Menahem, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria, dene anggone ngasta paprentahan suwene rong taun.

24. Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nyingkiri dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga.

25. Sawijining opsire, Sang Pekah bin Remalya, nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing Samaria ana ing kraton. Anadene kang ngguyubi yaiku Argob lan Arye sarta wong seket panunggalane bani Gilead. Sang Prabu Pekahya disedani lan sawuse mangkono Sang Pekah nuli madeg dadi ratu nggentosi panjenengane.

26. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Pekahya lan sakehe pandamele, lah iku kabeh wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

maca bab lengkap 2 Para Raja 15