Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 15:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Sang Prabu Salum bin Yabesy iku anggone jumeneng ratu ing taun kang kaping telung puluh sangane jamane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda; anadene anggone ngasta paprentahan ana ing Samaria suwene sesasi.

14. Sawuse mangkono Sang Menahem bin Gadi saka ing kutha Tirza, nglurugi perang nganti tekan ing Samaria. Sang Menahem nyedani Prabu Salum bin Yabesy ana ing Samaria nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

15. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Salum lan anggone nganakake sekuthon, lah iku kabeh wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

16. Ing nalika iku wiwit saka ing kutha Tirza, Sang Prabu Menahem nyirnakake Tifsakh lan sakehe wong kang ana ing kono dalah wilayahe pisan, amarga wong ora padha gelem ngwengakake lawanging kutha. Mulane kutha iku banjur kasirnakake, sarta sakehe wong wadon kang ngandheg padha dibedheli.

17. Ing taun kang kaping telung puluh sangane jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Sang Menahem bin Gadi madeg dadi ratu ana ing Israel. Anggone ngasta paprentahan lawase sepuluh taun ana ing Samaria.

18. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah. Ing sajege sugenge ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nglakoni dosa uga.

19. Sang Prabu Pul, ratu ing Asyur, rawuh lan nempuh nagara kono; Sang Prabu Menahem nuli nyaosi selaka sewu talenta marang Sang Prabu Pul, supaya karsaa mbiyantu nyantosakake karajane ana ing astane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 15