Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 14:24-28 Kitab Sutji (JAV)

24. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur nglakoni dosa.

25. Panjenengane mangsulake wilayah Israel, wiwit dalan kang lumebu menyang Hamat, nganti tekan ing sagara Araba, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaparingake lumantar Nabi Yunus bin Amitai saka ing Gat-Hefer.

26. Sabab Sang Yehuwah wus nguningani bangeting sangsarane wong Israel iku: wong kang dhuwur lan kang asor kalungguhane wus padha sirna, lan ora ana kang mitulungi Israel.

27. Nanging Pangeran Yehuwah ora ngandika manawa bakal ngilangi jeneng Israel saka ing sangisoring langit, mulane banjur paring pitulungan lan lumantar Sang Prabu Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas.

28. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam lan sakehe pandamele sarta kaprawirane, anggone andhon perang, apadene anggone mangsulake Damsyik lan Hamat-Yehuda marang ing wewengkon Israel, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

maca bab lengkap 2 Para Raja 14