Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 14:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Rakyat ing Yehuda kabeh tumuli padha ngaturi rawuh Pangeran Azarya, kang lagi yuswa nembelas taun, kajumenengake ratu, nggentosi kang rama, Sang Prabu Amazia.

22. Sang Prabu banjur nyantosani kutha Elat lan dibalekake marang ing wewengkone Yehuda, yaiku sawuse Sang Prabu kepareng ngaso nunggil karo para leluhure.

23. Ing taun kang kaping limalase jamane Sang Prabu Amazia putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, jumeneng ratu ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase patang puluh siji taun.

24. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur nglakoni dosa.

25. Panjenengane mangsulake wilayah Israel, wiwit dalan kang lumebu menyang Hamat, nganti tekan ing sagara Araba, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaparingake lumantar Nabi Yunus bin Amitai saka ing Gat-Hefer.

26. Sabab Sang Yehuwah wus nguningani bangeting sangsarane wong Israel iku: wong kang dhuwur lan kang asor kalungguhane wus padha sirna, lan ora ana kang mitulungi Israel.

27. Nanging Pangeran Yehuwah ora ngandika manawa bakal ngilangi jeneng Israel saka ing sangisoring langit, mulane banjur paring pitulungan lan lumantar Sang Prabu Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas.

28. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam lan sakehe pandamele sarta kaprawirane, anggone andhon perang, apadene anggone mangsulake Damsyik lan Hamat-Yehuda marang ing wewengkon Israel, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

29. Sang Prabu Yerobeam tumuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, para ratu ing Israel. Pangeran Zakharia, kang putra, banjur jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 2 Para Raja 14