Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 14:2-6 Kitab Sutji (JAV)

2. Nalika jumeneng ratu iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem sangalikur taun. Kang ibu asma Yoadan, saka ing Yerusalem.

3. Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, mung bae iya ora kaya Sang Prabu Dawud, leluhure. Kang ditindakake trep kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoas, ramane.

4. Sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger mau.

5. Bareng wus kekah anggone ngasta keprabon, para punggawa kang nyedani Sang Prabu, ramane, enggal padha dipateni.

6. Nanging anak-anake para kang mateni mau ora diukum pati, iku ngetrepi kang katulis ing kitab Torete Nabi Musa, kang mratelakake dhawuhe Pangeran Yehuwah mangkene: “Aja ana bapa kang diukum pati marga saka anake, lan iya aja ana anak kang diukum pati marga saka bapakne, nanging saben wong anggone diukum pati iku marga saka dosane dhewe.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 14