Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 14:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Sawuse mangkono Sang Prabu nuli mundhuti emas lan selaka lan sakehe prabot kang tinemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton, mangkono uga wong-wong kang kanggo cekelan, tumuli kondur menyang Samaria.

15. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas, apa kang katindakake lan kaprawirane lan anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

16. Sang Prabu Yoas banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake ana ing Samaria, nunggil karo para ratu ing Israel, dene Pangeran Yerobeam, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

17. Sang Prabu Amazia, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, isih sugeng limalas taun sawuse Sang Prabu Yoas putrane Sang Prabu Yoahas, ratu ing Israel, seda.

18. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Amazia, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

19. Ing Yerusalem ana wong kang padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, mulane Sang Prabu lolos menyang ing Lakhis, nanging wong-wong mau iya banjur kongkonan ngoyak menyang ing Lakhis. Sang Prabu nuli disedani ana ing kono,

20. banjur katitihake ing jaran lan kasarekake ana ing Yerusalem nunggil karo para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.

21. Rakyat ing Yehuda kabeh tumuli padha ngaturi rawuh Pangeran Azarya, kang lagi yuswa nembelas taun, kajumenengake ratu, nggentosi kang rama, Sang Prabu Amazia.

22. Sang Prabu banjur nyantosani kutha Elat lan dibalekake marang ing wewengkone Yehuda, yaiku sawuse Sang Prabu kepareng ngaso nunggil karo para leluhure.

23. Ing taun kang kaping limalase jamane Sang Prabu Amazia putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, jumeneng ratu ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase patang puluh siji taun.

24. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur nglakoni dosa.

maca bab lengkap 2 Para Raja 14