Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 13:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. “Cendhela ing sisih wetan punika kawengakna!” Lan nalika kawengakake, Nabi Elisa matur: “Kawula aturi njemparing!” Banjur dijemparing. Nabi Elisa matur: “Punika jemparinging kaunggulan paringipun Pangeran Yehuwah, jemparinging kaunggulan nglawan Aram. Panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram wonten ing Afek, ngantos tumpes tapis.”

18. Sawuse mangkono tumuli matur: “Kawula aturi mundhut jemparing punika!” Iya banjur dipundhut. Bareng wus dipundhut, Nabi Elisa matur marang ratu ing Israel: “Sumangga kagebagna ing siti!” Nuli kagebagake ing lemah kaping telu, banjur kendel.

19. Abdining Allah duka marang Sang Prabu, ature: “Kedahipun panjenengan dalem nggebag kaping gangsal utawi kaping enem. Menawi mekaten panjenengan dalem badhe nggecak Aram ngantos tumpes tapis. Nanging sapunika, namung kaping tiga anggen panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram.”

20. Sawuse mangkono Nabi Elisa nuli seda, lan banjur kasarekake. Anadene ing saben pletheking taun kerep ana grombolan wong Moab kang lumebu ing nagara.

21. Nalika ing sawijining dina wong lagi padha ngubur layon, ana grombolan teka; bareng wong-wong weruh grombolan iku, layone nuli kauncalake menyang ing pasareane Nabi Elisa, banjur padha lunga. Kocapa, bareng layon mau nggepok balung-balunge Nabi Elisa, banjur urip maneh lan ngadeg.

22. Kacarita Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram, anggone nindhes wong Israel iku ing sajege sugenge Sang Prabu Yoahas.

23. Nanging Pangeran Yehuwah welas lan ngeman marang Israel, mulane banjur karsa ngudaneni, marga saka ngengeti prasetyane marang Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub, ora karsa ndadosake tumpese lan durung karsa mbucal ing wektu iku saka ing ngarsane.

24. Bareng Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, seda, tumuli Pangeran Benhadad, kang putra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

25. Kutha-kutha kang karebat dening Sang Prabu Benhadad saka ing astane Sang Prabu Yoahas, ramane Sang Prabu Yoas, karebat maneh dening Sang Prabu Yoas, putrane Sang Prabu Yoahas, saka ing astane Sang Prabu Benhadad. Kaping telu anggone Sang Prabu Yoas ngawonake panjenengane lan mangsulake kutha-kutha Israel.

maca bab lengkap 2 Para Raja 13