Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 12:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Mulane Sang Prabu Yoas banjur nimbali Imam Yoyadha lan para imam liyane, padha dipangandikani mangkene: “Yagene sira kok ora padha ndandani karusakaning padaleman? Mulane saiki sira ora padha sunparengake nampani dhuwit saka para pitepunganira maneh, nanging iku sira pasrahna kanggo ndandani karusakaning padaleman.”

8. Para imam banjur padha nyandikani ora bakal nampani dhuwit saka rakyat, nanging iya ora usah ndandani karusakaning padaleman.

9. Imam Yoyadha nuli mundhut pethi, tutupe kaparingan bolongan, banjur kadekek ing sandhinging misbyah, ing sisih tengene wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah. Para imam kang jaga lawang saben nampani dhuwit saka wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, tumuli kalebokake ing pethi mau.

10. Manawa pethi iku wus katon isi akeh, panitrane Sang Prabu rawuh bareng karo imam agung, kabeh dhuwit kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah kabuntelan lan kaetung.

11. Dhuwit kang kehe wus ditemtokake kapasrahake marang para tukang kang kapatah rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah lan kang banjur mbage-mbage dhuwit mau marang para tukang kayu, marang tukang-tukang bangunan kang nggarap padalemaning Sang Yehuwah,

12. marang para tukang batu lan para tukang natah watu. Dhuwit mau uga kanggo tuku kayu lan watu kang bakal ditatahi kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sabanjure dhuwit iku kawetokake kanggo sakehing kapreluan gegayutan karo anggone ndandani padaleman.

13. Nanging dhuwit kang kaladekake marang padalemaning Sang Yehuwah iku ora kanggo gawe bokor selaka, lading, bokor panyiraman, kalasangka, utawa sadhengaha piranti emas lan selaka kang kanggo padalemaning Sang Yehuwah,

14. nanging iku dipasrahake marang para tukang kanggo ndandani padalemaning Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 2 Para Raja 12