Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 10:25-30 Kitab Sutji (JAV)

25. Sawuse sesaji kurban obaran, Sang Prabu Yehu dhawuh marang para prajurit lan marang para opsir: “Padha lumebua, wong iku padha patenana, aja nganti ana siji bae kang bisa oncat!” Wong mau tumuli padha dipateni kalawan landheping pedhang, jisime kabuwang; para prajurit lan para opsir banjur lumebu ing gedhong kabuyutane Baal.

26. Sakehe brahala kabuyutane Baal diwetokake, banjur kaobong.

27. Tugu brahalane Baal dirubuhake, samono uga omahe Baal, nuli didadekake kakus, nganti tumeka ing dina iki.

28. Kaya mangkono anggone Sang Prabu Yehu nyirnakake Baal saka ing Israel.

29. Mung bae Sang Prabu Yehu ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur padha nglakoni dosa, yaiku dosa ndedewa pedhet emas kang ana ing Betel lan ing Dhan.

30. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Sang Prabu Yehu: “Ing sarehne sira wus nglakoni panggawe becik, yaiku nindakake apa kang bener ana ing ngarsaning paningalingSun, lan wus nandukake marang kulawargane Akhab trep karo kang kakarsakake ing panggalihingSun, mulane anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti patang turunan.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 10