Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 10:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. “Satekane layang iki marang sira, sira kang padha mengku para putrane gustinira, sarta kang padha ngwasani kreta lan jaran apadene kuthabeteng lan gegaman,

3. padha miliha putrane gustinira kang utama lan kang sembada dhewe banjur lenggahna ing dhampare kang rama, nuli peranga mbelani kulawargane gustinira.”

4. Nanging wong mau padha banget wedine sarta pangucape: “Lah wong ratu loro iku bae ora kuwat nandhingi panjenengane, kapriye anggon kita bisa nandhingi?”

5. Awit saka iku panggedhening kraton lan panggedhening kutha, lan uga para pinituwa sarta para pamomong padha kongkonan munjuk marang Sang Prabu Yehu: “Kawula sadaya punika abdi dalem sarta sadaya dhawuh dalem badhe sami kawula lampahi. Kawula boten sami badhe njumenengaken sinten kemawon dados ratu. Sumangga, panjenengan dalem karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih prayogi.”

6. Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli damel serat kang kaping pindhone marang wong-wong mau, surasane: “Manawa sira padha mbiyantu ingsun lan padha gelem ngestokake dhawuhingsun, mara sira padha sowana marang ngarsaningsun nggawa sirahe para putrane gustinira, sesuk watara wayah mangkene menyang ing Yizreel.” Anadene para raja-putra pitung puluh iku padha ana ing panggonane para panggedhe ing kutha kono, kang padha nggulawentah.

7. Kacarita bareng layang iku wus ditampani dening wong-wong mau, banjur padha nyekel para raja-putra pitung puluh mau, padha disembelehi, sirahe padha diwadhahi ing kranjang nuli dikirimake konjuk marang Sang Prabu Yehu menyang ing Yizreel.

8. Bareng kongkonan iku seba ngunjuki uninga: “Sirahipun para raja-putra sampun sami kaladosaken.” Sang Prabu Yehu nuli dhawuh: “Kabeh iku dokoken dadi rong tumpuk ana ing sangarepe gapura nganti sesuk.”

9. Esuke Sang Prabu Yehu miyos sarta jumeneng ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh, kang banjur padha dipangandikani mangkene: “Sira kabeh iku padha ora luput. Pancen ingsun kang wus nganakake sakuthon nglawan gustiku lan kang wus nyedani panjenengane; nanging kang mateni iki kabeh sapa?

10. Sira kabeh padha sumurup, manawa pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kawiyos tumrap kulawargane Sang Prabu Akhab, ora ana kang ora kelakon. Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang kapangandikakake lumantar Nabi Elia, abdine.”

11. Sang Prabu Yehu banjur mejahi sakehe kekarene brayate Sang Prabu Akhab kang ana ing Yizreel, uga sakehe panggedhene, para abdine kang dipitados lan para imame; ora ana siji bae kang dilestarekake urip dening Sang Prabu Yehu.

12. Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu banjur jumeneng lan tindak menyang ing Samaria. Ana ing sacedhake Bet-Eked, papan panggonane para pangon,

13. kepanggih karo sanak sadhereke Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, nuli ndangu: “Kowe iku sapa?” Atur wangsulane: “Adalem punika sami sanak sadherekipun Sang Prabu Ahazia lan anggenipun adalem sami mriki punika badhe ngaturi sugeng dhumateng para putra-putranipun Sang Prabu saha para putranipun Sang Prameswari.”

14. Sang Prabu Yehu banjur dhawuh: “Cekelen wong-wong iku urip-uripan!” Nuli padha dicekel urip-uripan lan padha disembelehi ana ing sacedhake sumur Bet-Eked, cacahe patang puluh loro, ora ana siji-sijia kang diuripi.

maca bab lengkap 2 Para Raja 10