Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 10:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. Bareng wus tindak saka ing kono, tumuli kepanggih karo Yonadab bin Rekhab kang methuk panjenengane. Sang Prabu uluk salam marang dheweke kalawan ngandika: “Atimu apa temen kayadene katemenaning atiku marang kowe?” Unjuke Yonadab: “Inggih temen.” “Manawa mangkono, ayo salaman!” Yonadab nuli ngathungake tangane, banjur kadhawuhan munggah ing keta dening Sang Prabu Yehu.

16. Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.

17. Sarawuhe ing Samaria, Sang Prabu Yehu banjur dhawuh mateni sakehe wong kang kagolong kulawargane Sang Prabu Akhab kang isih kari ana ing Samaria, padha disirnakake, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Elia.

18. Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu banjur nglempakake rakyat kabeh padha dipangandikani mangkene: “Akhab iku anggone ngibadah marang Baal isih kurang, nanging Yehu bakal ngibadah marang iku ngluwihi dheweke banget.

19. Mulane sakehe nabine Baal padha timbalana supaya padha ngadhep marang ing ngarsaku, kabeh wong kang padha ngibadah marang iku lan sakehe imame, siji bae aja nganti ana kang kari, awit aku arep nyaosake kurban kang gedhe marang Baal. Saben wong kang ora teka, bakal ora lestari urip.” Nanging iki mung akale Sang Prabu Yehu anggone bakal nyirnakake wong-wong kang padha nyembah marang Baal.

20. Sabanjure Sang Prabu Yehu ngandika: “Padha nemtokna dina gedhe kanggo nganakake pakumpulan suci tumrap Baal!”

21. Iku nuli diundhangake. Sang Prabu Yehu utusan wong menyang ing wewengkone Israel kabeh, para wong kang padha nyembah marang Baal padha teka kabeh lan padha lumebu ing kabuyutane Baal, siji bae ora ana kang kari, temah omah mau kebak nganti padha suksukan saka ing pojok tekan ing pojok.

22. Sang Prabu Yehu tumuli ngandika marang wong kang manggedheni gedhong sandhangan: “Sandhangan kanggo saben wong kang nyembah marang Baal wetokna!” Sandhangan kanggo wong-wong mau banjur diwetokake.

23. Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli lumebet ing omah kabuyutane Baal mau kadherekake Yonadab bin Rekhab sarta nuli ngandika marang para wong kang padha nyembah marang Baal: “Titipriksanen lan delengen, aja nganti ana wong siji bae ing satengahmu ing kene kang dadi abdining Pangeran Yehuwah, kejaba mung wong kang padha nyembah marang Baal.”

24. Wong-wong nuli padha lumebu arep sesaji kurban sembelehan lan kurban obaran. Anadene Sang Prabu Yehu wus mapanake wong wolung puluh ana ing jaba kang wus padha dipangandikani: “Sing sapa ngetogake bae manawa ana wong panunggalane para wong kang wus dakpasrahake ing tanganmu, kang bisa oncat, nyawane dadi gegentine wong iku.”

25. Sawuse sesaji kurban obaran, Sang Prabu Yehu dhawuh marang para prajurit lan marang para opsir: “Padha lumebua, wong iku padha patenana, aja nganti ana siji bae kang bisa oncat!” Wong mau tumuli padha dipateni kalawan landheping pedhang, jisime kabuwang; para prajurit lan para opsir banjur lumebu ing gedhong kabuyutane Baal.

26. Sakehe brahala kabuyutane Baal diwetokake, banjur kaobong.

27. Tugu brahalane Baal dirubuhake, samono uga omahe Baal, nuli didadekake kakus, nganti tumeka ing dina iki.

28. Kaya mangkono anggone Sang Prabu Yehu nyirnakake Baal saka ing Israel.

maca bab lengkap 2 Para Raja 10