Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 1:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur utusan sawijining opsir kalawan reh-rehane wong seket kadhawuhan nemoni Nabi Elia. Opsir mau nuli munggah sowan ing ngarsane Nabi Elia, kang lagi lenggah ana ing pucaking gunung, sarta banjur matur marang panjenengane: “He abdining Allah, Sang Prabu dhawuh: Mudhuna!”

10. Nanging Nabi Elia mangsuli, pangandikane marang opsir mau: “Manawa aku pancen abdining Allah, muga anaa geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kowe dalah kalerehanmu seket kabeh iku nganti entek.” Banjur ana geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa opsir mau dalasan wonge seket nganti entek.

11. Sang Prabu nuli utusan maneh sawijining opsir liyane sabawahane wong seket. Opsir iku matur marang Nabi Elia: “He abdining Allah, mangkene dhawuhe Sang Prabu: Mudhuna dienggal!”

12. Nanging Nabi Elia paring wangsulan marang wong-wong mau mangkene: “Manawa aku pancen abdining Allah, muga anaa geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kowe saandhahanmu wong seket kabeh nganti entek!” Banjur ana genine Pangeran Yehuwah kang tumurun saka ing langit kang mangsa opsir mau saandhahane wong seket kabeh nganti entek.

13. Sang Prabu tumuli utusan maneh sawijining opsir kang katelu sapanekare wong seket. Opsir kang katelu iku banjur munggah lan bareng wis tekan nuli jengkeng ana ing ngarsane Nabi Elia tuwin nyuwun sih-piwelas marang panjenengane, ature: “Dhuh abdining Allah, nyawa kula tuwin nyawanipun ingkang abdi tiyang seket punika mugi manggiha sih wonten ing ngarsa panjenengan.

14. Rak sampun wonten latu ingkang tumurun saking langit ingkang mangsa opsir kalih-kalihipun ingkang rumiyin saha para kalerehanipun tiyang seket. Nanging sapunika mugi nyawa kula manggiha sih wonten ing ngarsa panjenengan.”

15. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Elia: “Sira mudhuna melua wong iku sarta aja wedi marang dheweke!” Nabi Elia banjur jumeneng lan mandhap tuwin sowan marang ing ngarsane Sang Prabu kadherekake dening opsir mau.

16. Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus kongkonan njaluk pituduh marang Baal-Zebub, allah ing Ekron, kaya-kaya ing Israel ora ana Allah kang kena kasuwunan pitedahe, mulane sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”

17. Sang Prabu iya banjur seda cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Elia. Nuli Pangeran Yoram jumeneng ratu nggentosi panjenengane, yaiku ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Yosafat, nata ing Yehuda, sabab Sang Prabu Ahazia ora kagungan putra kakung.

18. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Ahazia, apa kang katindakake, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

maca bab lengkap 2 Para Raja 1