Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 9:19-24 Kitab Sutji (JAV)

19. Ing sandhinge lengenan ana singane ngadeg loro sarta ing sadhuwure sungsun enem iku ana singane rolas kang padha ngadeg arep-arepan; kang kaya mangkono iku durung tau ana ing sadhengaha karajan.

20. Sakehe piranti pangunjukane Sang Prabu Suleman kang digawe emas lan sakehe barang kang ana ing “Alas Libanon” iku kang kagawe emas murni; ing nalika jamane Sang Prabu Suleman selaka iku dianggep tanpa aji.

21. Sang Prabu Suleman kagungan prau kapal, kang padha lelayaran menyang ing Tarsis bebarengan karo para kawulane Sang Prabu Huram; telung taun sepisan kapal-kapal Tarsis mau padha teka nggawa emas lan selaka sarta gadhing; uga kethek lan manuk merak.

22. Kasugihane lan kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngungkuli sakehing ratu ing salumahing bumi.

23. Sakehe ratu ing bumi padha ngudi bisane sowan ing ngarsane Sang Prabu Suleman supaya bisaa nguningani kawicaksanan, kang kaparingake dening Gusti Allah ana ing sajroning panggalihe.

24. Siji-sijine padha sowan lan nyaosake pisungsunge, yaiku barang-barang dandanan emas lan selaka, pangageman, gegaman, anggi-anggi, jaran lan bihal. Mangkono iku saben taun.

maca bab lengkap 2 Babad 9