Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 5:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. Ing nalika samana Sang Prabu Suleman dhawuh marang para pinituwaning Israel lan sakehe tetindhihing suku, para panggedhening kulawangsane wong Israel, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem, prelu kadhawuhan mboyong pethi prajanjianing Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.

3. Ing dina riyaya ing sasi kang kapitu sakehe wong Israel padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Nata.

4. Bareng sakehe pinituwane wong Israel wus padha sowan, para wong Lewi banjur padha ngangkat pethi mau.

5. Kang diusungi pethi mau, Tarub Pasewakan lan sakehe barang suci kang ana ing tarub; kabeh iku kausungan dening para imam lan para wong Lewi.

6. Anadene Sang Prabu Suleman lan sakehe umat Israel kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, padha ana ing sangareping pethi lan padha nyaosake kurban wedhus lan sapi kang cacahe ora kena kaetung utawa kawilang.

7. Sawuse mangkono para imam padha mapanake pethi prajanjianing Yehuwah mau ana ing panggonane, ana ing kamar mburi ing padaleman, ing pasucen kang pinunjul, ana ing sangisore bener swiwining kerub;

8. dadine kerub-kerub mau ngegarake swiwine ing sandhuwuring papane pethi, satemah pethi lan pikulane padha kapayungan dening kerub.

9. Pikulane iku dawane pucuke katon saka ing pasucen, ing sangarepe kamar mburi, nanging ora katon saka ing njaba; iya ana ing kono iku papane nganti tekan ing dina iki.

maca bab lengkap 2 Babad 5