Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 5:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Para juru ngidung wong Lewi iya padha ana ing kono kabeh yaiku Asaf, Heman, Yedutun dalah anak-anake lan sadulure. Iku padha ngadeg ing sawetane misbyah, padha manganggo lena alus lan nggawa kecer, slukat lan clempung, nunggal karo imam satus rong puluh kang gaweane ngunekake kalasangka.

13. Para juru ngunekake kalasangka lan para juru ngidung mau banjur padha bebarengan ngidungake pepujian lan ngrepekake kidung panuwun konjuk marang Pangeran Yehuwah. Padha ngulukake swarane binarung ing swaraning kalasangka, kecer lan unen-unen liyane kalawan memuji marang Pangeran Yehuwah, pangucape: “Panjenengane iku becik! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.” Ing nalika iku padaleman mau, yaiku padalemaning Yehuwah, kapenuhan ing mega,

14. nganti para imam ora betah anggone padha ngadeg nindhakake tata pangibadah marga saka mega iku, awit kamulyaning Yehuwah ngebeki padalemaning Allah.

maca bab lengkap 2 Babad 5