Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 4:8-16 Kitab Sutji (JAV)

8. Sabanjure yasa meja sepuluh kang kaprenahake ing Padaleman Suci, lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa; nuli uga damel bokor panyiraman emas satus.

9. Banjur uga damel plataraning para imam lan plataran amba, apadene lawang-lawanging plataran iku; lawang-lawang mau kalapis tembaga.

10. “Segarane” kaprenahake ing sisih tengen ing kidul wetan.

11. Huram iya gawe kwali, susuk tuwin bokor-bokor panyiraman.Mangkono Huram anggone ngrampungake pagawean kang kudu katindakake awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Allah,

12. yaiku: tugu loro karo krebil mblendhuk loro kang tumumpang ing dhuwure tugu mau, nam-naman loro kang ngrodhongi krebil mblendhuk loro iku;

13. apadene tetironing dlima patang atus kanggo namnaman loro mau, dlima rong larik kanggo siji-sijining nam-naman kang kagawe ngrodhongi krebil mblendhuk loro kang ana ing dhuwure tugu mau.

14. Uga wus gawe kretan-kretan panuwak lan jembangan-jembangan kang tumumpang ing dhuwure kretan-kretan iku.

15. “Segaran” siji lan sapi rolas ana ing ngisore.

16. Kwali-kwali, susuk-susuk, porok-porok lan sakehe piranti liyane kang digawe dening Huram-Abi awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku bakale tembaga sanglingan.

maca bab lengkap 2 Babad 4