Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 4:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Prabu anggone dhawuh nyithaki iku ana ing Lebak Yarden nganggo lempung, ing antarane Sukot lan Zereda.

18. Sang Prabu Suleman anggone damel piranti-piranti iku cacahe akeh banget, nganti bobote tembagane ora kena kaetung.

19. Sang Prabu Suleman uga damel sakehe piranti kang kanggo ing padalemaning Allah, yaiku misbyah lan meja-meja kanggo ndekek roti sesaosan,

20. sarta maneh padamaran-padamaran emas murni dalah damar-damare, kang bakal padha disumedi ana ing sangarepe kamar mburi miturut pepacak;

21. tetironing kembang, damar-damare lan sapit-sapite emas, kabeh kang digawe emas murni;

22. lading-ladinge, bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane kang digawe emas murni; uga lawange kang anjog ing padaleman iku lan lawang-lawang kang ana ing sisih njero kang anjog ing pasucen pinunjul, lan lawang-lawang kang anjog ing dalem gedhe ing Padaleman Suci, iku kabeh kang digawe emas murni.

maca bab lengkap 2 Babad 4